wOw

Selasa, 03 Juli 2012

OmaH_ad@t_KuDUs


Omah adat kuwi salah sawijining warisan kabudayan jaman dhisik kang kahanane arang banget ing jaman saiki. Masyarakat kutha Kudus lumrahe ngarani omah adat kuwi mawa jeneng omah pencu, amarga payon omah kang dhuwur ora kaya lumrahe omah liyane. Akeh kaistimewaan kang kinandhut ana ing sajroning omah adat Kudus ing antarane yaiku, komponen pembentuke, motif ukiran, madhepe wangunan, lan tanduran sing ana ing latar omah. Kaistimewaan-kaistimewaan kasebut nduweni jeneng kang kasusun saka satuan lingual kang awujud tembung lan frasa. Wujud tembung lan frasa iki kang bisa mujudake makna. Miturut pamikirane wong Jawa, jeneng kuwi makili kekarepan wong sing njenengi marang apa-apa sing dijenengi. Mula saka kuwi, akeh jeneng komponen omah adat Kudus sing nduweni bentuk lan makna kang ora kabeh masyarakat mangerteni.
Karana anane kaistimewaan lan kaunikan kang kinandhut ana ing omah adat Kudus, panaliten Bentuk dan Makna Leksikon Pembentuk Rumah Adat Kudus perlu diteliti.
Adhedhasar andharan ing dhuwur mau, rumusan masalah saka panaliten iki yaiku (1) kepriye bentuk satuan lingual leksikon pembentuk omah adat Kudus? (2) makna leksikal lan makna kultural apa bae kang ana ing leksikon pembentuk omah adat Kudus? Ancas saka panaliten iki yaiku kanggo nuduhake bentuk satuan lingual, makna lan makna kultural sing ana ing komponen sing mbentuk omah adat Kudus.
Panaliten iki nggunakaken pendhekatan semantik, dene metodhe kang digunakake ing panaliten iki yaiku metodhe deskriptif kualitatif. Sumber dhata panaliten iki yaiku dhata lisan lan dhata cathetan. Teknik ngumpulake dhatane nganggo teknik observasi, teknik wawancara, lan teknik dokumentasi.
Asil saka panaliten iki bisa ditemokake bentuk lan makna ing Pembentuk Rumah Adat Kudus. Bentuk kang ana ing leksikon pambentuk omah adat Kudus ana loro, yaiku bentuk fisik lan bentuk satuan lingual. Bentuk satuan lingual saka leksikon pambentuk omah adat Kudus kaperang saka (1) bentuk tembung ing antarane tembung lingga, tembung andhahan, tembung camboran, lan tembung rangkep, (2) bentuk frasa, kang arupa frasa endosentrik atributif. Makna sing ana ing leksikon pambentuk omah adat Kudus ana lima, yaiku (1) makna leksikal, (2) makna gramatikal, (3) makna konotatif, (4) makna simbolik, dan (5) makna filosofis.
xi
Adhedhasar asil kasebut, sumbang saran saka panaliten iki supaya para peneliti lan pemerhati basa bisa nggawe panaliten lanjutan, ing antarane bisa nggawe panaliten babagan arkeologi omah adat Kudus, panaliten babagan omah adat Kudus migunakake kajian etnolinguistik utawa ing babagan antropologi, lan panaliten-panaliten liyane. Sakliyane kuwi, supaya omah adat Kudus tetep dijaga, dilestarekake, lan dikenalake marang generasi penerus minangka upaya njaga aset asil kabudayan bangsa Indonesia lan kabudayan dhaerah Kudus khususe.

Kapethik saka: Priambada, Anang Febri. 2011. Skripsi Unnes: Bentuk dan Makna Leksikon Pembentuk Rumah Adat Kudus.

Tidak ada komentar: