wOw

Selasa, 03 Juli 2012

WaYang_Ing_Crita_Cekak



Wayang iku kesenian Jawa kang wis kawentar ing para warga. Ing babagan wayang, ana unsur seni, hiburan lan ajaran moral. Miturut ing babagan ngrembakane karya sastra, wayang diowahi dening panganggit dadi crita cekak. Anane crita cekak uwal saka crita wayang kang sebenere. Gegayutan antarane crita cekak minangka karya sastra anyar lan klebu crita uatawa lakon wayang kang ana gegayutane karo teks liyane lan ndadekake anane hubungan intertekstualitas antarane crita cekak karo lakon wayang. Hubungan intertekstualitas iki bisa uga wujude dadi unsur-unsur crita cekak lan wujud saka hubungan intertekstualitas iki awujud kritik sosial kang ana ing crita cekak. Panganggit medharake kritik liwat karyane kang awujud crita cekak tumrap kahanan sosial kang ana ing masyarakat.
Prekara kang arep dirembug ing sajroning panaliten iki yaiku. Lakon wayang lan wacana sosial apa wae kang ana gegayutane karo crita cekak ing intertekstualitas? Ancas sing arep kagayuh yaiku: Mangerteni intertekstualitas crita cekak karo lakon wayang lan wacana sosial.
Panaliten iki nggunakake dhasar intertekstual yaiku nggandhengake teks crita cekak karo teks liya. Punjere panaliten iki ngonceki crita cekak saka babagan kang gegayutan karo intertekstualitas. Analsis wujud interteks ana ing crita cekak nggambarake kahanan ana ing masyarakat. Teknik analisis datane nganggo intertekstualitas yaiku nggandhengake teks crita cekak karo teks liyane.
Kasiling analisis panaliten iki antarane. Crita cekak minangka karya sastra ana gegayutane karo karya liyane. Gegayutan iki sing dienggo dening panganggit anggone nulis crita cekak. Ana ing wolu crita cekak iki, paling jumbuh karo babagan wayang. Kanthi nganggo penghipograman kang dienggo dening panaliti, ana wujud panyadapan (ekserp) yaiku; crita cekak “Bethara Kala” saka  ruwatan, crita cekak “Dhalang” saka Perang Baratayudha, crita cekak “Duryudana Gugat” saka Perang Baratayudha, crita cekak “Semar” saka lakon “Semar Mbangun Kahyangan”, crita cekak “Reshuffle” saka kahanan sekarang, crita cekak “Cakil Kelangan Untu” saka Perang Kembang, lan ana gegayutane karo wacana sosial kayata; panguripan, keseniantradisional, pengembangan (ekspansi) ana; crita cekak “Bethara Kala” dari acara ruwatan, crita cekak “Dhalang”saka kontroversi pakem, crita cekak “Cakil Dadi Ratu” saka  Perang Kembang, lan nduweni intertekstualitaskaro babagan sosial kayata; demokrasi, nggugat panguwasa, nggampangake liyan, politik sing resik, manipulasi (modifikasi) ana; crita cekak “Bathara Kala saka ruwatan lakon “Murwakala”, crita cekak “Dhalang” saka Perang Baratayudha, crita cekak “Duryudana Gugat” saka  Perang Baratayudha, lan ing sajroning crita cekak uga ana demokrasi, ngremehke liyan, nggugat panguwasa, keamanan, curiga lan pemutarbalikan (konversi) ana; crita cekak “Dhalang” dari peristiwa Perang Baratayudha, crita cekak “Suporter Taun Anyar” saka nakale remaja/masyarakat, uga ana gegayutane karo wacana sosial kayata; demokrasi, dijlentrehake teks-teks kang ana panyaruwe karo crita cekak.
Panyaruwe kang diprayogakake saka panaliten iki yaiku kudune panaliten kang gegayutane karo karya kang ana gandhenge karo karya liyane supaya bias dingerteni babone karya mau. Kajaba iku, karya sastra kang ana isine babagan kritik uga didhukung supaya dadi karya kang ana boboten tumrap masyarakat lan nyengkuyung ngrembakane kreativitas panganggit ana ing masyarakat.  

Kapethik sakaPriyanto, Edi. 2011. Skripsi Unnes: Lakon Wayang Dan Wacana Sosial Dalam Crita Cekak.


Tidak ada komentar: