wOw

Selasa, 06 Maret 2012

PePeNGeT_Bab_BaSa


PEPENGET
BASA MINANGKA WEDHARING TATA KRAMA
dening: Ibu Suparni

Sampun pisan-pisan migunakaken/ngetrepaken basa krama alus/inggil tumrap awakipun piyambak.

Amargi: menawi dipun tliti/ dipun tingali saking unggah-ungguhipun basa tuwin solah bawanipun tiyang Jawi menika nedahaken menawi tiyang Jawi darbe watak/sifat ingkang ngasorake pribadinipun lan ngluhuraken marang liyan.

Tuladhanipun:
-  Kula dereng nedha, menawi panjenengan sampun dhahar.
-  Adi sampun tilem, bapak ugi sampun sare, kula taksih ningali TV menawi embah mriksani ringgit wacucal.
- Bu Guru, weteng kula sakit, kula badhe wangsul.
- Pak Guru padharanipun gerah badhe kondur.

Solah bawa, tingkah lakunipun tiyang Jawi menawi dipun tliti priksa kathah obahing badan/awak menika ingkang nedahaken tata krama lan nggadhahi watak ngasoraken pribadi ngluhuraken liyan (ngajeni tiyang sanes luwih-luwih tiyang ingkang perlu dipun kurmati.

Tuladhanipun:
1. Tiyang nem menawi liwat ing ngajengipun priyayi sepuh sanajan mlampah, utawi nitih motor ananging sareng dumugi ing ngajengipun priyayi sepuh kala wau tanpa mikir (reflek) alon-alon piyambak lajeng ndhungkluk mbungkukaken awakipun saperlu atur pakurmatan, sanajan sasampunipun liwat bater malih.
2. Tiyang ingkang sampun sami srawung, kenal, menawi kepanggih tanpa mikir langsung manthuk, salaman, ngebel, nglirik, mesem menika minangka pratandha atur pakurmatan /ngormati liyan.

Mila tiyang Jawi dipun wastani ngertos marang Jawane, menawi tiyang Jawi ingkang ngertos marang gesangipun, ngertos marang asal-usulipun gesang lan sujarahiupn gesang, sarta mangertosi marang kuwajibanipun gesang. Jawa panggerahitanipun rasa.

TeMbang_MiJiL


MIJIL
PEPÉLING
dening : Suyana Wignyawibawa
Jepara, 5 Febuari 2012, 14:03:53 WNIK

1.  Sanglas margi iblis manjing ati, siji wong siji bodho, loro ati muntab ka nepsoné, telu gan- drung donya brana sugih, kapaté kepé ngin, ingkang sar- wa dudu.
2.  Klima srakah kanem ce -thil medhit, pitu angkuh sombong, wolu dumèh ngra sa unggul dhéwé, mring wong bener tan sudi ngakoni, sanga riya’ kibir, aleman sepuluh……
3.  Sewelasé ‘ujub mongkog dhiri, rolas nggrantes nglokro, tlutas ngumbar mring ha- wa napsuné, kapatbelas kahananing nafsi, yèn akalé julig, sa- kupengé ajur.
4.  Kalimalas ndakwa ala janmi, panas- tèn angger wong, nembelasé mring wong muslim ngenyèk, pitulasé mring dosa tan wedi, wo lulas anganggit, kalis ing bebendu.
5.  Sanglas pepes king rahmating Gusti, urip semplah mopo, ya sangalas iku dedalané, hawa nafsu tarékahé iblis, mula ngati-ati, rumeksa uripmu.