wOw

Selasa, 15 Februari 2011

Cerkak_saking Bu Nini Klenyem



1. Si_Pengung  saking Is Sarjoko (Nini Klenyem)
(http://www.cerkak-jawa.com/critalelucon/90-si-pengung)
Mas Giman !, crita punika namung dhapur crita gojegan kanggo ngendhokaken syarap supados mboten metentheng, kados yen mirengaken crita jagading lelembut.
Menggah crita wau mekaten : Supados nges kulo badhe ngoko kemowon :
Ing sawijining dina, ana wong bebrayan sing nduwe anak lanang ontang-anting sing banget di ugung ing samubarange.
Merga saking banget tresna lan gematine, anake mau mung di uja sakarepe.
Ora di dhidhik, ora diwarahi apa-apa lan ya ora di sekolahake, mula bareng gedhe bocah kuwi babar blas ora bisa apa-apa. Geweyane dina-dina mung mangan turu wis ora ana maneh.
Bocah mau dijenengi Purwo, ning gandheng saking bodho lan gobloge banjur padha diparabi Pengung.
Pengung sing sedina-dinane mung mangan, turu kuwi awake dadi lemu kaya gendhon.
Gandheng wis di wasa, mula wong tuwane kepingin si Pengung kaya bocah-bocah salumrahe ya kuwi di omah-omahake. Ning njur sapa sing gelem karo bocah sing ming kaya pong-pongan kuwi ?
Kebeneran, tanggane wong tuwane Pengung ya dhuwe anak wedok sing mung ngelethek neng njeron ngomah wae. Gaweyan ngomah kabeh bisa nantandangi, ning emoh yen metu ngomah merga bocah kuwi isinan banget alias Clingus.
Yen kepeksa nganti pethukan utawa ditakoni uwong, olehe semaur utawa mlaku ya ndhungkluk terus, ora wani nyawang sing ngajak omong.
Ning bocah kuwi mungguh kekarepan lan pepinginan ya normal kaya wong lumrah. Cacade ya mung siji kuwi isinan utawa Clingus.
Bareng Pengung ditari rabi, sak wise di ajak jagong manten (karepe wong tuwane, nek dadi manten kiya di dandani ngono kuwi), Pengung di tari rabi ya gelem.
Saiki wong tuwane Pengung sing bingung. Gek cah wadon ngendi sing gelem dirabi wong koya anake kuwi ?
Sidane kelingan anake tanggane ya si Clingus. E ya kalah cacak menang cacak, sapa ngerti nek bocahe sing ora tau srawung uwong kuwi gelem dijodhokake anake.
Bareng Clingus di tari wong tuwane gelem nglakoni, wusanane njur padha dirembug.
Pengung seneng banget nalika di dandani lan di ladeni panganan sing enak-enak, prasasat ora leren anggone ngemil. Nganti tamu-tamu padha nggeguyu karo manten sing ora duwe isin kuwi.
Kosok balen karo Clingus, nalika ditemokake sasat kaya reca di lungguhake. Ora obah, ora wani nyawang tamu-tamu mung ndhungkluk wae.
Pengung mono kaya dene jenenge wis ngarani, bodho longa-longo kaya kebo, sing ngertine mung mangan turu klinthong-klinhong dolan. Mula anane Clingus sing wis resmi dadi bojone neng ngomahe, ya ora teges kanggone Pengung.
Clingus sing kahanan normal kuwi, neng ngomahe maratuwane apa-apa ya ditandangi. Klebu diwarahi mara tuwane leladi bojone.
Pengung sangsaya mbungahi. Apa tegese wong bebojoan Pengung babarpisan ora ngerti. Clingus mung dianggep kanca urip sing manggon tunggal saomah, yen bengi nunggal sapeturan.
Bareng wis dadi manten entuk setengah taun, Clingus ditakoni mara tuwane wis ana tandha-tandha arep bathi apa durung, Clingus mung gedheg. Mula wong tuwane Pengung ngandhani anake;
“Le, bojomu kuwi ya di wori kaya bapak karo mbokmu kuwi, supaya kowe enggal duwe momongan”. Pengung meneng ngrungokake karo manthuk-manthuk, njur takon :
“Olehe ngewori piye, pak ?”
“Ngene ya Le, nek turu ben bebas kuwi ora usah nganggo sandhangan. Leh mu turu ngisor ndhuwur, bojomu sing ngisor, kowe sing neng ndhuwur, suwe-suwe suk kowe rak njur duwe anak”
“O yoh pak, mengko bengi tak lakonane”. Bapakne Pengung gedheg-gedheg karo ngelus dhadha batine : Oh mesakake Clingus, jebul sprana-sprene kuwi isih wutuh, durung di owah-owah.
Bareng genep sesasi, Clingus blokeran pijer mutah-mutah wae, maratuwane wis nicil ayem. Bareng sela Clingus di takoni :
“Wis ngayati mandheg pa nok ?” Clingus gedheg kara kandha :
“Kula kalih kang Pengung di kengken tilem ngandhap (longan), kang Pengung tilem nginggil (ngamben), kula mboten betah pak, jrambahe niku anyes sanget. Sakniki kula masuk angin terus”. Krungu wangsulane Clingus, maratuwane kaget, batine : Wooow jebulane anakku Pengung ora dhong. Awakke dhewe turu ngamben, kok bojone kon turu nglongan, pantes masuk angine terus. Wong tuwane Pengung judheg, banjur ngulir budi, piye bisane Pengung ngerti karepe bapakne. Wayah awan nalika sepi, bapakne Pengung ngawe anake. Bareng wis mara Pengung di kandhani :
“Le, uwis, bojomu aja kon turu neng longan terus, mengko mundhak masuk angin dhudhuk. Saiki ganti. Iki kowe tak wenehi klentheng (isi kapuk). Nek kowe karo bojomu arep mapan turu, klentheng iki lebokna pusermu, njur bojomu kan turu mlumah. Klentheng iki pindhahen neng pusere bojomu, ning tanganmu lan tangane bojomu ora kena ndemok klentheng kuwi, dadi saka pusermu tempelna neng pusere bojomu nganti mlebu. Mengko suwe-suwe kowe rak duwe anak”.
“Dadi olehku turu ya ora nganggo sandhangan, ta pak ?”. Bapakne manthuk-manthuk tandha ngiyoi.
Batine : ah nek kanthi cara iki mesthi kasil. Tenan, nalika nindakake mindhah klentheng kuwi, Clingus sing normal wia mapan-mapanake awake, merga barange sing sensitif kuwi wis kesenggol-senggol pusakane Pengung, ning arep cawe-cawe isin lan wedi.
Seje karo Pengung, punjere pikiran mung ana klentheng, janji klenthenge ngglindhing neng peturon njur leren, perlu mbenakake klenthenge.
Mangka Clingus wis ngos-ngosan gulung koming, kepingin banget ngrasakake landhepe senjatane Pengung. Ning bola-bali mung gela. Merga Pengung ora tanggap.
Wusana saking jengkele, Clingus njorogake Pengung nganti klumah neng ngamben. Esukke tanpa pamit, Clingus bali mulih neng nggone wong tuwane alias purik. Bapakne Pengung kaget nalika ngerti Clingus purik, mula Pengung banjur di dhedhes bapakne njur crita. Kandhane Pengung :
“Pakone bapak kabeh wis tak lakoni. Clingus tak kon turu mlumah, aku mengkurep neng ndhuwure. Ning ya kuwi pak, janji tak ungsep-ungsepke klenthenge ki ngglindhing neng ngamben ..... dadine ya ora isa mlebu. Mangka saking olehe bola-bali ngglindhing, ambegane Clingus nganti cos-cosan, sajake ora sabar” kandhane Pengung jujur.
“Njur ya mung ngono kuwi, Le ?”
“Lha iya pak, ngerti-ngerti aku nglilir Clingus kok wis ra ana.” Krungu kandhane Pengung, bapakne banjur ngekep anake kenceng kebak trenyuh. Kandhane:
“Yoh Le, bapak arep golek dalan ben Clingus gelem bali mrene”. Bapakne Pengung muter uteg kinanthen donga, muga-muga anake ngerti kaya salumrahe wong urip.
Bapakne Pengung banjur lunga neng pasar kewan, baline wis nuntun wedhus lanang wadon sing lagi mbabrak (brai).
Digawekke kandhang apik, sisih kandhang di wenehi amben sing kobet kanggo turu. Sawise dadi njur ngundang Pengung karo di kandhani ngene :
“Le, rehne bojomu mulih neng wong tuwane, kowe saiki tak wenehi gaweyan ngingu wedhus. Wedhus iki ulatna sapari polahe. Wiwit saka ngarit kanggo pakane .... angon lan turu sandhingen ! Apa wae sing ditindakake wedhus sajodho iki gatekna mbok menawa ana paedahe kanggomu”.
“Iya pak, aku manut”.
Pengung pancen bodho .... goblok .... ning jujur tansah nggugu pakone bapakne.
Saiki turune neng sandhing kandhang wedhus. Gandheng diperti ..... digemateni lan pakan sarta ngombene digatekake banget, wedhus sing lagi padha mbarak kuwi njur kawin.
Lagi kuwi Pengung weruh sesawangan anyar, sing durung tau diweruhi, mula di jengglengi terus. Wusana wedhus kuwi meteng njur manak telu cempe-cempe sehat sing nyenengake.
Suwe-suwe pikirane Pengung mletik lan tinarbuka. Jebulane sasuwene iki dheweke durung tau nindakake kaya pakartine wedhus sajodho kuwi marang bojone. Mula niyate Pengung arep marani bojone dikon mulih. Dheweke arep kandha yen sak suwene iki dheweke ora ngerti apa tegese bebojoan. Ya wiwit iku, Pengung lan Clingus urip bebrayan tentrem lan ora let suwe Clingus wis katon ngandheg.
T A M A T






2. Salah_Sasaran saking Is Sarjoko (Nini Klenyem)
(http://www.cerkak-jawa.com/critalelucon/89-si-pengung)

Mas Giman, crita punika namung fiktif, sekedhar kangge ndherek ngregengaken siaran lelangen. Sumangga kawaosna ! :
Ing ndesa Jabalkat, ana sawijining randha enom duwe anak wadon siji sing wis ngancik diwasa. Gandheng uripe ya mung dhanyang buruh, mula anake mbok randha sing jeneng Inah, bareng wis lulus SD ya njur mogok ora gelem sekolah, dhasar bocahe ya ngerti yen kanggo mangan wae rekasa, apa maneh kanggo wragat sekolah.
Inah lan mbokne, ing sadina-dinane nyambut gawe golek pangan dhewe-dhewe. Mbok randha buruh tandur apa derep, dene Inah buruh ngumbahi apa setlika nggone tanggane. Pokoke, lelorone golek pangan saentuke ning dhewe-dhewe jalure.
Wis ana seminggu iki mbok randha dikongkon masakake pak Wigeno sing lagi nyambat ndandani omah, biyen gedheg diganti bata. Mbok randha mono senajan wis nduwe anak prawan, ning merga wonge tansah ngrumat awak, resikan lan seneng jejamu, mula ora mokal senajan wis umur telung puluh telu taun isih katon kempling, isih katon sedhep yen sinawang priya.
Pak Wigeno sing wis ditinggal ngajal bojone udakara telung taunan kuwi, wis rumangsa kesepen banget. Mula anane mbok randha sing dikongkon masakake tukang ing omahe, sing saben ndina ana ngomahe kuwi kena kanggo tamba, senajan mung entuk nyawang, lan ngajak omong-omong yen pinuju sela lan sepi uwong. Pak Wigeno sok mancing-mancing gunem, e mbokmenawa mbok randha isih gelem yen diwengku priya. Merga nyatane pak Wigeno suwe-suwe ana rasa sir lan seneng karo mbok randha sing isih kempling lan sedhep kuwi.
Ning gandheng mbok randha wong lugu, mula ora tanggap karo karepe pak Wigeno sing sok ngganyik ngajak omong kuwi. Ngertine majikane kuwi ya mung wong apikan ngono. Kejaba kuwi, senenge mbok randha ya anggone pak Wigeno nyah-nyoh dhuwit, ora ketang kuwi mung susuk olehe blanja. Pak Wigeno ngerti, yen mbok randha senengane mung tuku jamu, yen tuku jajan paling-paling ya mung gethuk thiwul sing mbejaji limang atusan.
Yen Inah pas ora ana sing kongkon utawa mbutuhake baune, karo mbokne ya sok dikon ngrewangi olah-olah neng nggone pak dhudha. Semono mau dening pak Wigeno , Inah ya di wenehi persen utawa pituwas dhewe. Gandheng mbok randha ora tanggap karepe pak Wigeno , mangka pak Wigeno sejatine kepingin banget ngrumat (ngepek) mbok randha, mula pak Wigeno meneng-meneng mara neng dhukun njaluk pengasihan supaya mbok randha seneng lan gelem nanggapi karepe utawa dirabi.
Mbah dhukun njur takon pak Wigeno :
“Pak Geno, napa sampeyan ngertos kesenengane mbok randha ?”
“O ngertos sanget mbah dhukun, mbok randha niku senengane mung ngombe jamu”.
“Lha nek mung ngoten mawon gampang”. Kandhane mbah dhukun.
“Sesuk sampeyan tuku jamu galiyan putri njur dibekta mriki, nek empun kula mantrani, sampeyan sukakake mbok randha kajenge diombe”.
“O nggih mbah dhukun”. Tenan sawise pak Wigeno masrahake jamu njur dimantrani mbah dhukun, pak Wigeno nggawa jamu mau mulih njur diwenehake mbok randha karo kandha :
“Gilo mbok randha, aku tuku jamu galiyan, nyoh ombenen ben awakmu waras, giyat olehmu nyambut gawe !”. Mbok randha nampani kanthi bungah tembunge :
“Nuwun sanget pak Geno, mangkeh kula ombene”. Jamu ditampani njur digawa mulih, sawise rampung gaweyane. Tekan ngomah jamu diseleh meja, rekane arep diombe mengko yen wis arep mapan turu.
Sore iku Inah uga mulih saka nyambut gawe, dikongkon meme gabah mbah Pawiro wetan kana. Mlebu ngomah weruh jamu neng meja, mangka mbokne lagi adus neng sumur mburi omah, Inah mikir : Wah sedina meme gabah awakku kok krasa kesel, ben jamune simbok tak ombene, ben mari kesel. Jamu diombe sepisan gusis, gelas digawa neng pawon njur di asahi. Rampung adus, mbok randha mlebu ngomah ora nglegewa nek jamune wis di ombe Inah, mula ya meneng wae. Kosok baline Inah, sawise ngombe jamu, kaya-kaya kok mung ketok-ketoen pak Wigeno wae, mula kandhane karo mbokne :
“Mbok, sesuk aku tak melu nyambut gawe kowe ya, wong sesuk aku nganggur”.
“Ya kena wae ta nok, aku ya seneng kok yen mbok re wangi”. Kandhane mbokne bungah. Nalika arep mapan turu mbok randha lagi eling jamune. Niliki ndhuwur meja wis ora ana, mbok randha njur takon Inah anake :
“Nok, kowe weruh jamu ning meja kene ?” Gage wangsulane Inah :
“Weruh mbok, wis tak ombe, jeneh aku krasa kesel je mbok”
“O o ya wis nok, padha wae, jare pak Wigeno , kuwi ya jamu mari kesel, wong sing menehi dheweke”.
“O dadi jamu kuwi mau pawehe pak Wigeno ta mbok ?”
“Iya, ya lumrah ta nok, wong aku bebaune”. Inah njur mikir, genea sawise ngombe jamu kok njur ton-tonen wewayangane pak Wigeno ? Tenan esuke Inah melu mbokne nyambut gawe neng omahe pak dhudha. Inah gumun, genea yen weruh pak Wigeno atine kok rasane seneng banget. Bareng weruh tekane mbok lan anak kuwi, pak Wigeno takon mbok randha :
“Piye mbok randha, jamune rak jos ta ? Mesthi keselmu njur ilang”. Gage panyaute Inah :
“Wong kula sing ngobe pak Wigeno , tikna kesel, kula mboten taros kalih simbok”.
“Dadi malah kowe ta Nah sing ngombe ?”
“Enggih, nyuwun ngapunten nggih pak !”
“Ora papa ..... ora papa Nah, lha kowe mrene ki apa ora di sambat tangga teparo kon ngumbahi apa setlika ?”
“Mboten pak, malah kula kok njur kepingin mriki ngrencani simbok”. Dheg .... atine pak Wigeno bungahe ngayang batin. Ngarah mbokne kok malah kena anake. Kandhane :
“Wista Nah, nek perlu kowe neng kene ngrewangi mbokmu terus, gaweyanmu cukup reresik njero ngomah karo blanja, uga nyepakake manganku. Mbokmu ben sing mangsak lan nyapu njaba”.
“Enggih pak, ndherek mawon”. Ngono wangsulane Inah seneng banget.
Saiki wis ana sesasi Inah nyambut gawe neng nggone pak Wigeno . Pak Wigeno saya mantep, yen aji pengasihane wis tumama neng Inah. Kerep wae Inah dijawil...... dijanggut meneng wae. Saben ndina sisa dhuwit blanjan sing njarag diluwihi, mesthi dikon ngepek kabeh, saya gawe bungahe Inah. Dheweke sasat kaya wis klebu wuwu. Dirangkul, diaras pipine, dijejeri lungguh mepet, Inah rasane mung seneng. Ning pendhak rampung nyambut gawe, Inah mesthi diajak mbokne mulih, sing mesthi wae ora bisa suwala.
Mangka sejatine Inah kuwi wis sambung tresna karo Wagiyo sing nyambut gawe dadi tukang kebon sekolahan SD ing ndesane.
Sakploke Inah nyambut gawe neng nggone pak dhudha, wis ora tau kelingan karo Wagiyo pacare. Kosok baline Wagiyo sing pendhak sore mara neng ngomahe, ngomah suwung, merga mbok randha lan Inah durung mulih. Merga wis kangen tenan, Wagiyo ngenteni samulihe. Bareng wong loro mulih, Inah ya terus nemoni kaya adat saben. Crita ngethuprus, anggone wis seneng nyambut gawe nggone pak dhudha, merga saben ndina Inah mesthi diwenehi dhuwit. Nyambut gawene sak karepe, tur diuja karo pak dhudha. Kerepe mung diajak lungguhan karo omong-omongan.
Krungu pengakuane Inah mau, Wagiyo sing tilas bocah pondhok kuwi krasa, yen Inah mesthi wis diguna-guna karo pak dhudha. Mula niyate Wagiyo arep nawarake pelet mau srana njaluk pitulungan mbah Kaji, wong sing dianggep pinter ing samubarange. Tenan sawise Wagiyo sowan mbah Kaji, dening mbah Kaji didhawuhi pasa mutih telung ndina, njur diwenehi banyu putih sabotol. Dhawuhe mbah Kaji, banyu kuwi dikon ngombe Inah, turahane dikon ngecurke Inah neng pancen wedange pak Wigeno, karo kon muni ngene :
“Peletmu ora mandi ..... (ping telu). Sawise kuwi Inah njur kon mulih adus kramas, karo aja entuk bali neng nggone pak Wigeno meneh”.
“Nek Inah mboten nggugu pripun mbah ?”, pitakone Wagiyo ngemu samar.
“Wis ta mengko angger wis tak sranani, mengko Inah rak manut apa pakonmu, janji welingku neng kowe wis mbok tindakake”. Ngono kandhane mbah Kaji. Bareng Wagiyo wis rampung olehe pasa, Inah kokya nurut apa pakone kekasihe. Lan wiwit kuwi ...... Inah wis blas ora tau kelingan pak Wigeno maneh. Embuh mengko piye nasibe mbokne sing sekawit disiri pak dhudha kuwi, ning jebulane salah sasaran. Mbok randha slamet, ning Inah anake sing kena guna-gunane pak dhudha, amarga ngobe jamune mbokne sing wis dileboni mantra.
T A M A T

Tidak ada komentar: