wOw

Selasa, 03 Juli 2012

Warna_LOkal_Kumpulan Crita Cekak Blangkon


            Warna lokal yaiku lokalitas kang nggambarake ciri khas ing sawijine masyarakat ana ing daerah tartamtu. Pangripta sing dadi saperangane masyarakat iku, saka anggone nyipta karya-karya sastra mesthine ora bakal ninggalake warna lokal saka daerahe. Gegambaran warna lokal iki bisa didadekake dhasar kanggo wong sing maca ngerti ciri khas salah sijine lingkungan masyarakat ing daerah tartamtu. 
               Adhedhasar iku, rumusan masalah ing panaliten yaiku Sepisan, ana ing unsur ngendi warna lokal sing polahane ana Kumpulan Crita Cekak Blangkon. Kapindhone, kepriye wujud warna lokal ana Kumpulan Crita Cekak Blangkon. 
         Ancase panaliten iki yaiku kanggo mangerteni ing ngendi wae unsur warna lokal ana Kumpulan Crita Cekak Blangkon, sarta mangerteni wujud warna lokal ana Kumpulan Crita Cekak Blangkon. 
              Pendhekatan sing digunakake ing panaliten iki yaiku pendhekatan objektif. Pendhekatan iki kanthi teks duwe sifat sing ngadeg dhewe lan absolut tegese teks kuwi bisa nduweni teges yen ta disambungake karo unsur-unsur liya sing ana ing njerone teks. Rong perkara ing skripsi iki, dianalisis nganggo metodhe struktural. Masalah sepisan dikaji nganggo teori strukturalisme kanggo njelasake unsur sing mbangun ana karya sastra kang ngungkapake unsur warna lokal kayata: tokoh, latar, lan lelawaning basa. Dene masalah kapindho dikaji nganggo teori budhaya kang ngungkapake wujud warna lokal kanthi unsur kabudhayan yaiku basa, sistem teknologi, jinise pakaryan, adat masyarakat, pandengan urip, sistem kaparcayan, lan sandhangan, kang ana ing Kumpulan Crita Cekak Blangkon.
             Asil analisis sing ditemokake saka panaliten iki yaiku: Sepisan, panggonan unsur warna lokal sing polahane ana Kumpulan Crita Cekak Blangkon, yaiku unsur: (a) tokoh awujud nama tokoh; (b) latar awujud latar panggonan, latar wektu, lan latar sosial; sarta (c) lelawaning basa awujud pilihan tembung, fraseologi (frasa, candrane awak, ungkapan-ungkapan Jawa: bebasan, saloka, paribasan, lan wangsalan. Kapindho, wujud warna lokal arupa unsur kabudayaan kang ana ing Kumpulan Crita Cekak Blangkon, yaiku: (1) basa Jawa dialek Surabaya; (2) sistem teknologi: blangkon karo helm, landhepe pring wuluh lan bedil-bedil karaten karo senjata kang lengkap lan modern, kadang misaya mina tradisional karo kadhang misaya mina kanthi abrag kang modern, sepedha karo kendharaan, ojek karo nlapak sikil, pit montor karo sepedha jengki klawus, kreteg karo nyebrang ing kali; (3) jinise pakaryan: kadang misaya mina, tukang ojek, tukang becak, bayan, blantik; (4) adate masyarakat Jawa: grebeg suro, dina prepegan, kendhuri, uleman kendhuren; (5) pandengan urip: blangkon, semat lan pangkat; (6) sistem kaparcayan: Nyai Rara Kidul, primbon, dukun, Alloh, wong abangan, Gusti, lan Pangeran Kang Maha Kuwasa; lan (7) sandhangan Jawa yaiku blangkon, lan jarit.
             Pamrayoga kang bisa diandharake saka panaliten iki yaiku supaya bisa kanggo pathokan lan tambahan referensi ing sajroning panaliten kang ana gegayutane karo kajian struktural sastra fiksi. Khususe bab kang njlentrekake warna lokal ing sajroning crita cekak. Kanggo para pangripta yen ta gawe karya-karya sastra Jawa aja ragu-ragu nggunake ide dhasar ing saben karya kanthi dhasar warna lokal daerahe dhewe. Saliyane iku warna lokal uga bisa bantu wong sing maca supaya bisa mangerteni ciri khas saka para pangripta uga ngerti asale saka daerah ngendi karya kuwi diciptake.

Kapethik saka: Purwanto, Wahyu Adi. 2012. Skripsi Unnes: Warna Lokal dalam Kumpulan Crita Cekak Blangkon.

WaYang_Ing_Crita_Cekak



Wayang iku kesenian Jawa kang wis kawentar ing para warga. Ing babagan wayang, ana unsur seni, hiburan lan ajaran moral. Miturut ing babagan ngrembakane karya sastra, wayang diowahi dening panganggit dadi crita cekak. Anane crita cekak uwal saka crita wayang kang sebenere. Gegayutan antarane crita cekak minangka karya sastra anyar lan klebu crita uatawa lakon wayang kang ana gegayutane karo teks liyane lan ndadekake anane hubungan intertekstualitas antarane crita cekak karo lakon wayang. Hubungan intertekstualitas iki bisa uga wujude dadi unsur-unsur crita cekak lan wujud saka hubungan intertekstualitas iki awujud kritik sosial kang ana ing crita cekak. Panganggit medharake kritik liwat karyane kang awujud crita cekak tumrap kahanan sosial kang ana ing masyarakat.
Prekara kang arep dirembug ing sajroning panaliten iki yaiku. Lakon wayang lan wacana sosial apa wae kang ana gegayutane karo crita cekak ing intertekstualitas? Ancas sing arep kagayuh yaiku: Mangerteni intertekstualitas crita cekak karo lakon wayang lan wacana sosial.
Panaliten iki nggunakake dhasar intertekstual yaiku nggandhengake teks crita cekak karo teks liya. Punjere panaliten iki ngonceki crita cekak saka babagan kang gegayutan karo intertekstualitas. Analsis wujud interteks ana ing crita cekak nggambarake kahanan ana ing masyarakat. Teknik analisis datane nganggo intertekstualitas yaiku nggandhengake teks crita cekak karo teks liyane.
Kasiling analisis panaliten iki antarane. Crita cekak minangka karya sastra ana gegayutane karo karya liyane. Gegayutan iki sing dienggo dening panganggit anggone nulis crita cekak. Ana ing wolu crita cekak iki, paling jumbuh karo babagan wayang. Kanthi nganggo penghipograman kang dienggo dening panaliti, ana wujud panyadapan (ekserp) yaiku; crita cekak “Bethara Kala” saka  ruwatan, crita cekak “Dhalang” saka Perang Baratayudha, crita cekak “Duryudana Gugat” saka Perang Baratayudha, crita cekak “Semar” saka lakon “Semar Mbangun Kahyangan”, crita cekak “Reshuffle” saka kahanan sekarang, crita cekak “Cakil Kelangan Untu” saka Perang Kembang, lan ana gegayutane karo wacana sosial kayata; panguripan, keseniantradisional, pengembangan (ekspansi) ana; crita cekak “Bethara Kala” dari acara ruwatan, crita cekak “Dhalang”saka kontroversi pakem, crita cekak “Cakil Dadi Ratu” saka  Perang Kembang, lan nduweni intertekstualitaskaro babagan sosial kayata; demokrasi, nggugat panguwasa, nggampangake liyan, politik sing resik, manipulasi (modifikasi) ana; crita cekak “Bathara Kala saka ruwatan lakon “Murwakala”, crita cekak “Dhalang” saka Perang Baratayudha, crita cekak “Duryudana Gugat” saka  Perang Baratayudha, lan ing sajroning crita cekak uga ana demokrasi, ngremehke liyan, nggugat panguwasa, keamanan, curiga lan pemutarbalikan (konversi) ana; crita cekak “Dhalang” dari peristiwa Perang Baratayudha, crita cekak “Suporter Taun Anyar” saka nakale remaja/masyarakat, uga ana gegayutane karo wacana sosial kayata; demokrasi, dijlentrehake teks-teks kang ana panyaruwe karo crita cekak.
Panyaruwe kang diprayogakake saka panaliten iki yaiku kudune panaliten kang gegayutane karo karya kang ana gandhenge karo karya liyane supaya bias dingerteni babone karya mau. Kajaba iku, karya sastra kang ana isine babagan kritik uga didhukung supaya dadi karya kang ana boboten tumrap masyarakat lan nyengkuyung ngrembakane kreativitas panganggit ana ing masyarakat.  

Kapethik sakaPriyanto, Edi. 2011. Skripsi Unnes: Lakon Wayang Dan Wacana Sosial Dalam Crita Cekak.


BaBad_DiPaneGaRa



Babad Dipanegara yaiku sawijining babad sing nudhuake kabudayan daerah yaiku kabudayan Jawa. Babad Dipanegara sing duweni gambaran kabudayan Jawa kang duwe pojok pandeleng sing sarwa ruwet kang ana gegayutane karo tata cara ning wong Jawa, lan tata cara pemimpin Jawa.
Underaning perkara kang dirembuk ing paneliten iki yaiku, 1) kepiye struktur cariyos ing Babad Dipanegara; 2) kepiye pola-pola ideologi ing struktur Babad Dipanegara.
Ancasing panaliten iki yaiku, 1) njlentrehake struktur cariyos ing Babad Dipanegara, 2) njlentrehake pola-pola ideologi ing struktur  Babad Dipanegara.
Panaliten iki migunake pendekatan objektif. Metode kang dipigunakake ing paneliten iki yaiku metode struktural. Sasaran panaliten iki yaiku, unsur-unsur struktur lan pola-pola ideologi kang ing struktur Babad Dipanegara, kang gegayutane karo prastawa-pratawa sing ngemu unsur struktur lan pola-pola ideologi sing ana ing Babad Dipanegara. Data panaliten iki arupa prastawa-prastawa kang ngemu unsur struktur Babad Dipanegara lan wujud hegemoni sing ana ing struktur Babad Dipanegara. Sumber datane yaiku teks Babad Dipanegara alih aksara (Ambaristi lan Lasmana Marduwiyota) kang diterbitake dening Departemen Pendidikan dan Kebudayaan tahun 1983. Teknik ngumpulake data migunakake teknik studi pustaka. Teknik analisias data migunakake teknik analisis struktural.
Asil panaliten iki yaiku, (1) struktur Babad Dipanegara, yaiku 1) historiografi, 2) genealogi, 3) mistik, lan 3) fiktif. (2) pola-pola ideologi ing struktur Babad Dipanegara, wujud hegemoni miturut Raymond Williams dipontha dadi telung ketegori yaiku, 1) kabudayaan endapan, 2) kabudayaan dominan/hegomonik, 3) kabudayan bangkit.
Pranyogane kanggo para pamaos yaiku, panaliten marang Cariyos Babad Dipanegara isih bisa diwedar maneh mula kanggo panaliten sing pengen medar bisa diwedar kanthi teori kang liya. Panaliten babagan teori hegemoni uga bisa diwedar maneh kanthi migunakaken metode lan objek kang bedha.   

Kapethik sakaGandawijaya, Fakur Rochman. 2012. Skripsi Unnes: Struktur Babad Dipanegara Dalam Perspektif Raymon Williams