wOw

Selasa, 15 Februari 2011

Senthir_filosofine

SENTHIR SEJATINE YA RAGANE DHEWE

      Urube Senthir kuwi ya uripmu (cahyamu) merga kuwi, kowe bisa weruh sing durung tau koksumurupi bisa mbedakake laku putih-ireng, warna abang-ijo, lsp. Mula urube iku matheng munggah, najan kala-kala obah kesompyak angin, merga urip
  kuwi ya munggah ta?
  Urub kuwi bisa urip, merga ana uceng-uceng. Tegese otot-otot pikencenge ragamu. 
Otot  iki sing nyambung urip.
  Ing satengahe otot kuwi, mili lenga, ya gethihmu kuwi sing mili najan encer bisa mili,
  miline jalaran saka urub.
  Dene dupa sing mlenthong iku, minangka wadhahing urip. Jrone dupa iku klebu daging balung, lan kulit.                             
                                                            (Suwardi Endraswara, 2005:45)







Tidak ada komentar: