wOw

Selasa, 03 Juli 2012

GaYa_baHasa_Roman_JaW@



Saben pangripta anggone nggawe karya sastra nduweni lelewaning basa sing beda karo pangripta liyane. Babagan kasebut amarga saben pangripta nduweni ciri khas lan carane dhewe-dhewe anggone ngungkapake ekspresi jiwa lan pandangan hidup ing atase karyane. Ing kumpulan cerita roman sacuwil Intan Ora Mlebu iki, Ary Nurdiana minangka pangripta uga migunakake basa sing beda karo pangripta liyane. Kaistimewaan kasebut ana ing lelewaning basa kang bisa dideleng lumantar diksi, struktur kalimat, lan majas ing sajroning roman Intan Ora Mlebu.
            Babagan kang diudi ing panaliten iki yaiku kepriye lelewaning basa ing kumpulan cerita roman sacuwil Intan Ora Mlebu karya Ary Nurdiana kang nyakup diksi, struktur kalimat, lan majas. Ancas panaliten iki yaiku kanggo mangerteni kaya ngapa lelewaning basa ing kumpulan cerita roman sacuwil Intan Ora Mlebu karya Ary Nurdiana kang nyakup diksi, struktur kalimat, lan majas.
            Pendekatan kang dianggo ing panaliten iki yaiku stilistka. Pendekatan iki kanggo ndhudhah penyimpangan kebahasaan, sarta kepriye pangripta iku migunakake tanda-tanda linguistik supaya bisa nemu efek khusus ing sajrone karyane. Metode kang dianggo ing panaliten iki yaiku metode struktural. Metode iki digunakake kanggo maparake lelewanig basa ing kumpulan roman Intan Ora Mlebu kang nyakup diksi, struktur kalimat, lan majas. Teori kang dianggo ing panaliten iki yaiku teori diksi, struktur kalimat, lan majas miturut pendekatan stilistika.
            Asil saka panaliten iki nuduhake jenis lelewaning basa ing kumpulan cerita roman Intan Ora Mlebu adhedasar diksi, ngliputi kata benda, kata sifat, kata kerja, kata keterangan, kata majemuk, kata ulang, lan penggunaan bahasa asing. Kajaba iku, diksi kang dgunakake ing kumpulan roman Intan Ora Mlebu migunakake tembung sing biasa dirungokake ing kalangane ramaja. Pigunane unsur diksi ingatase kumpulan cerita  roman Intan Ora Mlebu bisa nuwuhake tegesing tembung sing kusus, saengga ndadekake tembung dadi luwih jelas.
            Analisis struktur kalimat ing antarane yaiku klasifikasi kalimat, jenis frase, lan jenis klausa. Pigunane struktur kalimat ingatase kumpulan cerita  roman Intan Ora Mlebu bisa nguripake swasana guneman, sarta nggawe makna luwih jelas. Ary Nurdiana ing karyane iki, migunakake tuturan sing prasaja kalawan tembung-tembung langsung, babagan iki nggampangake sing maca kanggo mahami maksud sing arep disampekake dening pangripta.
            Analisis majas, ngasilake majas sing dominan ing cerita yaiku majas simile, metafora, lan personifikasi. Pigunane majas ingatase kumpulan cerita roman Intan Ora Mlebu nduweni ancas kanggo memperhalus lan menyangatkan tembung, saengga nuwuhake efek estetis ing saben lelakon kang ana ing njerone.
            Adhedhasar saka asil panaliten iku, saran sing diwenehake yaiku, supaya kumpulan cerita roman iki bisa diteliti maneh nganggo kajian sing liya. Cerita roman iki uga bisa didadekake sarana piwulang bahasa Jawa ing sekolah.

Kapethik sakaSubhan, Muhammad. 2011. Skripsi Unnes: Gaya Bahasa dalam Kumpulan Cerita Roman Sacuwil Intan Ora Mlebu Karya Ary Nurdiana. 

Tidak ada komentar: