wOw

Selasa, 06 Maret 2012

PePeNGeT_Bab_BaSa


PEPENGET
BASA MINANGKA WEDHARING TATA KRAMA
dening: Ibu Suparni

Sampun pisan-pisan migunakaken/ngetrepaken basa krama alus/inggil tumrap awakipun piyambak.

Amargi: menawi dipun tliti/ dipun tingali saking unggah-ungguhipun basa tuwin solah bawanipun tiyang Jawi menika nedahaken menawi tiyang Jawi darbe watak/sifat ingkang ngasorake pribadinipun lan ngluhuraken marang liyan.

Tuladhanipun:
-  Kula dereng nedha, menawi panjenengan sampun dhahar.
-  Adi sampun tilem, bapak ugi sampun sare, kula taksih ningali TV menawi embah mriksani ringgit wacucal.
- Bu Guru, weteng kula sakit, kula badhe wangsul.
- Pak Guru padharanipun gerah badhe kondur.

Solah bawa, tingkah lakunipun tiyang Jawi menawi dipun tliti priksa kathah obahing badan/awak menika ingkang nedahaken tata krama lan nggadhahi watak ngasoraken pribadi ngluhuraken liyan (ngajeni tiyang sanes luwih-luwih tiyang ingkang perlu dipun kurmati.

Tuladhanipun:
1. Tiyang nem menawi liwat ing ngajengipun priyayi sepuh sanajan mlampah, utawi nitih motor ananging sareng dumugi ing ngajengipun priyayi sepuh kala wau tanpa mikir (reflek) alon-alon piyambak lajeng ndhungkluk mbungkukaken awakipun saperlu atur pakurmatan, sanajan sasampunipun liwat bater malih.
2. Tiyang ingkang sampun sami srawung, kenal, menawi kepanggih tanpa mikir langsung manthuk, salaman, ngebel, nglirik, mesem menika minangka pratandha atur pakurmatan /ngormati liyan.

Mila tiyang Jawi dipun wastani ngertos marang Jawane, menawi tiyang Jawi ingkang ngertos marang gesangipun, ngertos marang asal-usulipun gesang lan sujarahiupn gesang, sarta mangertosi marang kuwajibanipun gesang. Jawa panggerahitanipun rasa.

Tidak ada komentar: