wOw

Senin, 18 April 2011

suwe ora jamu


Lelagon Suwe Ora  Jamu karya Widodo Brotosejati
Suwe ora jamu jamu pisan godhonge kara,
Suwe ra ketemu ketemu pisan awake lara,
Suwe ora mangan mangan pisan jangane kluweh,
Uwis suwe ora senam senam pisan boyok lara kabe,

Suwe ora jamu jamu pisan godhonge kates,
Suwe ra ketemu ketemu pisan awake etes,
Suwe ora jamu jamu pisan buwahe nanas, dhik
Uwis suwe ora mlyoya-mlayu mlayu pisan krasa bagas waras,

Suwe ora jamu jamu pisan godhonge turi,
Suwe ra ketemu ketemu pisan nglarake ati,
Suwe ora tuku tuku pisan buwahe duren,
Uwis suwe ra mloka-mlaku mlaku pisan banjur njaluk leren,
Suwe ora jamu jamu pisan buwahe manggis,
Suwe ra ketemu ketemu pisan la kok tambah manis,
Suwe ora ngolah ngolah pisan jangane lodheh,
Uwis suwe ra obah-obah obah pisan balunge lara kabeh,

Suwe ora jamu jamu pisan godhong meniran,
Suwe ra ketemu ketemu pisan dadi pikiran,
Suwe ora dandan dandan pisan ngentekke gincu,
Uwis suwe ra dolan-dolan dolan pisan ngentekke wektu,
Wis suwe mas ra tau jejamu jamu pisan godhonge mbayung,
Wis suwe mas ra ketemu ketemu pisan ning ati bingung,
Suwe ora jamu jamu pisan godhong meniran,
Wis suwe mas ra ketemu ketemu pisan dadi pikiran,

Wis suwe mas ora ora jamu jamu pisan godhonge lingkir,
Wis suwe mas ra ketemu ketemu pisan dadi pikiran,
Suwe ora jamu jamu pisan godhonge mlinjo,
Wis suwe mas ra ketemu ketemu pisan dadi bojo,

Lelagon Suwe Ora Jamu (klasik)
Suwe ora jamu jamu godhong tela,
Suwe ora ketemu ketemu pisan gawe gela,
Suwe ora jamu jamu godhong pace,
Suwe ra ketemu pisan sajak ngece,

Tidak ada komentar: