wOw

Minggu, 24 April 2011

p3K


PPPK (P3K) Pertolongan Pertama Pada Kecelakaan
Kacilakan
1.      Yen ta ana sing kacilakan luwih apik aja dirubung wong akeh, suapaya wong sing kacilakan mau entuk hawa kang seger, lan plong anggone ambegan.
2.      Yen arep nulungi dibukak kabeh klambine sing agawe sumpeg lan kenceng kayata: sabuk, krah, lsp.
3.      Junjung menyang panggonan kang eyub, tutupi aja nganti kena panas apa atise hawa.
4.      Yen ta sing kacilakan iku parah cepet-cepeta njaluk tulung dokter, utawa wong sing pinter.

Tatu amarga geni
1.      Diolet-oleti nganggo gedhang sing mateng.
2.      Disiran nganggo putihe dhog mentah.
3.      Diwenehi kapur sirih.
4.      Diwenehi mentega, lenga, utawa salep levenan.

Tatu amarga kabacok
1.      Dikompres nganggo gecekan godhong lamtoro.
2.      Diwenehi getihe panili, godhong keladi.

Semaput
1.      Dilonggarake klambi sandhangane.
2.      Diwenehi ngombe kopi panas manis.
3.      Diwenehi ngumbe anggur.

Karacunan panganan
1.      Dikon digawe supaya bisa muntah.
2.      Diwenehi ngumbe banyu klapa ijo.
3.      Diwenehi ngumbe wedang susu.
4.      Diwenehi norid utawa bakaran saka kepelan sega dadi gosong.

Tiba saka wit
1.      Diturokake, diarih-arih.
2.      Yen ta muntah ora oleh obah, utawa lungguh.
3.      Cepet-cepet digawa menyang griya sakit, utawa menyang dokter.
4.      Yen ta ana saperangane awak sing aboh bengkak, aja dipijeti mengko mundhak tugel.

Sumber saka: Wiyoto, Laksono. . Macam-macam Ramuan Asli Obat Tradisional (Warisan Para Leluhur). Sala: AMIGO, kaca: 74-75

Tidak ada komentar: