wOw

Senin, 18 April 2011

LeLaGoN_Ki NartosAbdhO

Lelagon Cep Menenga karya Ki Nartosabdho
Cep menenga,
Angger aja pijer nangis,
Tansah tak kudang,
Diwasane ngger jabang bayi,
Anjalari,
Mulyaning rama lan ibu,
Nanging aja rewel wae,
Samubarang kang nganeh anehi,
Sadhela maneh ibu tindak pasar,
Bakal ngasta oleh oleh,

Lelagon Gula Ganthi karya Ki Nartosabdho
Gula ganthi gula ganthi,
Pantesa sinjag loka kampuh gendhala giri,
Adas pula waras jeruk gulung anaom,
Mentiyung kabotan mendhung,
Ewa ewa ketela isine mrica,
Sapa ketiban dhenggung macaa angidunga,
Rokok cedhak tali blarak,
Rokok dawa tali sutra,
Thit thit thuwit kembang apa,



Lelagon Kereta Api karya Ki Nartosabdho
Kog kog kog kut kut kut kut kut,
Regadag palange ditutup,
Sing sabar kreta apine liwat,
Aja nekat nekat nyrobot mbebayani,
Jug jug jug jug jug jug jug jug jug jug jug jug,
Kug kug kug jig jig jig kug kug kug jig jig jig,
Ngati ati supaya mrih slamet,

Lelagon Dhayohe Teka karya Ki Nartosabdho
E dhayohe teka lah enggal papagen,
Tumuli lungguhna lah gelarna klasa,
E adhuh klasane bedhah,
Tambalen jadah lho jadahe mambu,
Gawe isin lah age golek salin,

Gi lo iki wajik lho kok dithothol pitik,
Suguhan kang semu mung mesem guyu,

Lelagon E Dhayohe Teka (klasik)
E dhayohe teka e gelarna klasa
E klasane bedhah e tambalen jadah,
E jadahe mambu e pakakna asu,
E asune mati e buwangen kali,
E kaline banjir e kelekna pinggir,


Kapethik saka: Didik Supriyadi. 2010. Skripsi Unnes: Transformasi Lelagon Dolanan Ke Lelagon Dolanan Kreasi Baru.

Tidak ada komentar: