wOw

Rabu, 27 April 2011

Maca-Maca


Sepuluh laku Preseya supaya kita sregep anggone maca kanthi Luar Biasa.
1.     Awit saiki aku temenanan niat la nana komitmen kanggo maca.
2.     Awit dina iki aku kepengin ngasah lan najemake akalku kanthi temen-temen sinau lan golek ilmu. Aku kudu asring maca, kontinu.
3.   Ora ana sing ora mungkin ing urip iki! Awit dina iki aku bakal terus ambudidaya apa sing takangen-angen lan cita-citakake kudu kasil,  kanggo besuk dinaku kang luwih kepenak.
4.     Aku kudu nemokake cara lan style sinau kepiye supaya bisa dadi wong sing maca kang Luar Biasa. Aku kudu bisa kasil nemokake!
5.     Awit detik iki aku kudu bisa ngilangi sing adoh sifat kang aras-arasen males kanggo maca. Aku terus golek cara kang jitu supaya bisa seneng maca.
6.     Awit wektu iki aku kudu bisa ndisiplinake awaku lan terus ambudidaya duwe planning agenda kanggo niti tangga kang sukses ngeti dhewe. Aku kudu ndisiplinake awaku kanggo maca.
7.   Aku kudu nyiptakake program kang nyenengake kanggo anyengkuyung gerakan seneng maca.
8.     Aku ora bakal nyerah lan pasrah karo apa-apa sing ngalangi aku kanggo bisa seneng lan ndisiplinake awaku karo wacanan.
9.     Aku kudu kerep maca buku-buku sing bisa ndadekake aku tambah ilmu kang apik. Banjur aku njupuk hikmah lan pelajaran sing ana ing jerone.
10.   Aku kudu iklas lan pasrahake sakabehane anggonku maca iki mung amarga Gusti Allah. Aku nyuwun supaya apa-apa sing takwaca iku bisa manfaati kanggo awaku lan wong liya.

Sumber saka: Lestari, Prembayun Miji. Bikin Kamu Tergila-gila Membaca. Yogyakarta: Book Magz, Kaca: 158-159

Tidak ada komentar: