wOw

Jumat, 22 April 2011

sEngK@lAn


SENGKALAN
Sengkalan yaiku pengetan wektu kang mawa kadadean utawa lelakon wigati, kang lumrahe angggone mengeti cacahing taun ora katulis nganggo angka, ananging nganggo tetembungan utawa gambar.
Mungguh prelune supaya:
ü  Olehe gawe pengetan (sengakalan) bisa kalarasake unen-unen karo kadadean utawa lelakon kang dipengeti.
ü  Gampang anggone eling-eling, lan angel laline.
Wujud sengkalan ana loro yaiku:
Ø  Sengkalan Lamba: Sengkalan kang cacahing taun kang dipengeti mau kawujudake nganggo Tetembungan.
Ø  Sengkalan Memet: Sengkalan kang cacahing taun kang dipengeti mau kawujudake nganggo Gambar.

Jinising Sengkalan yaiku:
o   Candra Sengkala yaiku sengkalan kang pangetunge manut lakuning rembulan (taun Jawa).
o   Surya Sengkala yaiku sengkalan kang pangetunge manut lakuning srengenge (taun Saka / Masehi).

Tembung-tembung kang lumrah dianggo ing sengkalan yaiku tembung kang nduweni watak wilangan, kayata awatake wilangan:


Siji        : Janma, manungsa, perangan awak manungsa utawa kewan kang cacahe mung siji, barang kang awangun bunder.
Loro     : Samubarang barang kang cacahe mesthi loro.
Telu      : Geni, samubarang kang mawa geni.
Papat    : Banyu, barang-barang kang isine banyu, tembung-tembung kang duwe teges gawe.
Lima     : Buta, panah, lan angina.
Nem     : Araning rasa, sadpada, tembung-tembung kang ateges kayu lan ngemu surasa obah.
Pitu       : Pandhita, gunung, nunggang jaran.
Wolu     : Gajah, kewan kang rumangkeng.
Sanga    : Dewa, barang-barang kang dianggep bolong.
Sepuluh : Samubarane tembung kang ateges langit / dhuwur, lan tetembungan kag surasa ora ana.
 


Ancer-ancer surasa watake tembung kang kanggo gawe sengkalan yaiku:
1.      Guru Jarwa / Dasanama : tetembungan kang bisa nunggal watak.
2.      Guru Wanda : tetembungan kang padha wandane nunggal watak.
3.      Guru Karya / Kriya : tetembungan kang ana gepol senggole kriya.
4.      Guru Satra / Aksara : Vokal kang ana ing tetembungan.
5.      Guru Warga : tetembungan kang isih ana sakulawarga.
6.      Guru Sarana / Karana : tetembungan kang kanggo sarana / piranti kanggo ngarsakake.
7.      Guru Darwa / Darbe : tetembungan kang ateges duwe.
8.      Alandhesan Kanyatan : tetembungan kang nggambare kanyatan.

Kanggo nggoleki cacahing taun kang sinandi ana sengkalan ditegesi saka Buri ― Mangarep.

Sumber Saka: Yatma, Sudi.dkk. 2006. Kabeh Seneng Basa Jawa 3 (SMA Kelas XII). Semarang:Yudistira, Kaca: 73-74.







Angka satu (1) dilambangkan dengan tubuh, pusat, ekor, hati, pantat, manusia, anak, diri, matahari, bulan, bintang, tanah, bulat, Tuhan, suci, kebenaran, dewa.

Angka dua (2) dilambangkan dengan pengantin, kembar, mata, telinga, pendengaran, penglihatan, pipi, alis, tangan, sayap, sembah, terbang, kaki, tanduk.

Angka tiga (3) dilambangkan dengan api, panas, kebakaran, perang, peperangan, memegang, akal, pengetahuan, wanita, putri, kalajengking, cacing, belut.

Angka empat (4) dilambangkan dengan laut, air, sungai, suci, langit, warna, buah, kendaraan.

Angka lima (5) dilambangkan dengan angina, badai, senjata tajam, tengah, jalan, lorong, gorong, jari, tidur, belah.

Angka enam (6) dilambangkan dengan cita rasa, kepekaan, kekuatan, penuh, asam, pait, garam, manis, gerak, perawatan, lebah, penyengat, halilintar.

Angka tujuh (7) dilambangkan dengan gunung, besar, kuda, orang alim, penuntun, orang suci, kata, bunyi, guru, pengajar, suka cita.

Angka delapan (8) dilambangkan dengan ular, buaya, gajah, kehendak, nafsu, binatang melata, monyet, brahmana, utama.

Angka Sembilan (9) dilambangkan dengan lambang lubang, gua, gerbang, terus, kesukaan, suka rela, paras muka, bau, harum.

Angka sepuluh (10) dilambang dengan mati, patah, hilang, jalan, tanpa, ruang angkasa, langit, naik, tinggi, bunga api.

Contoh candra sengkala: 1) Sastra      :    “Raras   Arum   Trus   Nyawiji”
                                             Artinya   :           1          9          9          1          (Tahun 1991 Masehi)
   
     2)  Sastra    :   “Buta   Manembah  Parasing  Nata”
                                             Artinya   :       5               2                6            1  (Tahun 1625 Masehi)

NB: Membaca candra sengkala harus mulai dari belakang.

Sumber Saka: Bastomi, Suwaji. 1995. Seni dan Budaya Jawa. Semarang: IKIP Semarang Press, Kaca: 61-62.

Tidak ada komentar: