wOw

Sabtu, 01 Januari 2011

Wayang mbeling

Nama : Wahyu Adi Purwanto
NIM : 2102407133
Rombel : 04
MK : Menulis 2
Tugas : Wayang Mbeling

Ano-Women dhuta saka Ngalengkadireja

Taun 2009 iki, andadeake taun kang anyar dadi sejarahe tumrap Ngalengka. Jalaran ratune wis ganti, amerga sifat ratue kang adigang, agigung, lan, adiguna yaiku sing jenenge Rahwana. Wong sing bisa ndadekake gonjang-ganjinge donya saisine iki, tuladhane: Rahwana akon prentah nyerang marang negara kang sugih minyake kanthi alasan sing ora bisa kabuktekake yakuwi jarene negara kang duwe senjata biologis kang aran Pemusnah Masal kang nggegirisi banget kanggo wong sadonya. Bejane titi mangsane Rahwana wis entek masa aktife dadi ratu. Ya kuwi wis kaping loro yen tambah siji maneh, waduh ora bisa dibayangake negara ngendi maneh sing bakal dadi korban sabanjure. Kanthi korban rakyat sipil sing akeh kang ora duwe luput uga kanthi ragad kang gedhe.
Saka Pemilu taun 2009 iki, Ngalengka kacontreng Raden Wibhisana sing pinter sifate lan apik solah-bawane kang kapilih dadi ratu. Saka tangane kuwi Ngalengka sing maune negara kang semrawut, kejem, njajahi Negara liya saka retune Rahwana, saiki maleh dadi Negara sopan santun, amut pandam-pandom agami, saha gegebenganing sowang-sowang ing jagad iki. Krisis Multidimensi kang nyerang jagad iki, ora liya tinggalane Rahwana. Ing tangane Wibhisana iku bisa diatasi kanthi gapyak lan sumanak. Salah sijine ngirimake dhutane kathi program Pis and Smile….! saka Ngalengka marang kabeh negara ing jagad iki. Dhutane ora liya yaiku Ano-Women kang kapilih saka partimbangan kang Ranum kaya pelam gadhung he…. Ano-women iku ora liya anak nomer lorone Anoman lan Trijata nanging werna rambute Pink ora putih kuwi kang dadikake werna grapyak sing digawe asale saka rebondingan werna kanthi teknologi salon canggih ing negara Ngalengkadiraja.
Negara Pancawati kang retune Ramawijawa dadi targete nomer loro bibar negri Mandurasa kanthi misi Pis and Smile…! Ano-women ora bisa miber kaya bapake Anoman, Jalaran dheweke ana sekolah Tk nganti tekan Perguruan Tinggi ora ana ilmu sing kuna kaya ngono. Ananging pikirane ya…, marisi Anoman kang pintere njuru langit. Banjur lungane kepiye ta….? Jalaran Negara Pancawati kuwi arane negara kepuloan kang jembar segarane 2/3 yen dibandingake lemah karo segarane. Yakuwi sing ndadekake negara kang gemah ripah loh jinawi. Sidane Ano-Women numpak montor mabur kang arane wedhus balap racexxxs.
Tutuke ing Negara Pancawati Ano-women entuk sambutan anget saka murid SD Menteng 1 yakuwi bekas SDne Wibhisana nalika cilik isih ing Pacawati. Dina iku Ano-women uga patemon karo Ramawijaya kanthi sumanak, amarga dheweke kuwi sing dadi utusane Wibhisana, kaping pindhone dheweke ora liya anake Anoman sing wedok sing duwe jasa gedhe tumrap Ramawijaya.
Ing Negara Pancawati ana pawiyatan lagu pop kang eksis, kondhang, lan njamani saben esuk jam sanga WNIK ing TV RCTI. Pawiyatan kuwi arane Dahsyat kang dipresenteri Trio gaul kang tansah gawe ramene lan lucune swasana. Ing pawiyatan iku Ano-woman ditampa kanthi sumanak lan grapyak. Dheweke paring salam saka Wibhisana kagem kabeh rakyat Pancawati. Ing pungkasaning pawiwahan iku, kanthi panjaluke si Ayu Maya dheweke bisa ngucapake salam kang unine “Salam terdahsyat untuk rakyat Pancawati…”
Ing dina candhake siaran TV iku misuwur kang dibritakake ing Negara Ngalengka. Uga dadi kabanggaane ing pawiwahan Dhasyad iku. Ing Wulan April wingi Dhahsyat nganake nominasi lagu pop sing bisa manggoni tangga lagu nomer siji. Ano-Women uga entuk kanugrahan saka Dhasyat iku kang kategorine tamu terdahsyad. Lha kanugrahan kuwi diwakili dhuta Ngalengka ing Pancawati dheweke, kang nyampekake panuwun lan salam sak Ano-Women. Muga-muga kadadean iki ndadekake gayeng, rukun, ing sembarange antarane Negara loro iku mau. Amin.


w@p!stiC, 07

Tidak ada komentar: