wOw

Jumat, 25 November 2011

RaTu_AdiL

Ratu Adil iku sinengker, piningit. Mung wong sing kuwat nampa coba, betah ngelih lan ngelak, sarta meper mubale hawa nepsu sing bakal nemokake. Angger kuwat lakune. Yen butuh ngerti, jane watese Ratu Adil karo badan wadhag sejatine mung sak siliring bawang. Adoh tanpa wates, cedhak tan senggolan.
Ratu Adil iku, jalma limpat seprapat tamat. Wong linuwih. Dheweke luwih luhur, ngungkuli puncake gunung, merga ora owel ngedum donya branane tanpa pamrih. Dhadhane jembar, ngluwihi segara, merga sugih pangapura. Ora emban cindhe emban siladan, yen pinuju ngadili perkara. Pasuryane padhang sumringah, ngungkuli awan ndrandhang, merga karem menehi pituduh sing tumuju marang kabecikan.


dene utamane nata berbudi bawa leksana
lire berbudi mangkana
lila adil paramarta
agung dennya paring dana
anggeganjar saben dina
lire kang bawa laksana
anetepi pangandika sabda brahmana raja

Sumber Saka: Endraswara, Suwardi. 2005. Antologi Cerkak Senthir. Narasi: Yogyakarta [Crita Cekak Ratu Adil, kaca:124-126]

Tidak ada komentar: