wOw

Jumat, 25 November 2011

KuPat laN Lepet


Kupat kuwi wadhah, wadhahing jiwa, papan panglebure rasa. Kupat, wis dadi kodrat gegambarane wanita. Wanita iku jarwane wadi, uga papaning semedi. Mula, yen mangan kupat, unen-unen para wegig, ora kena diuculi janure, nganti ngliga, mbeding. Ning kudu disigar, diparo byak, kareben papan-papan tertentu, isih ketutupan janur. Samangsa anggone mangan diudhari janure, kurang begjane mawit yen isine dhempyah (mawur). Cak-cakane mangan, sangu laku papat (kupat). Sepisan, luber yaiku nindakake jatining rasa sarana bebas. Ora glenak-glenik, slinthat-slinthut, ngetut iramane kodrat. Kapindho, labor yaiku lire sawise bebas (sah), ora ana sing ngridhoni – kudu dikantheni nepsu suci. Katelu, lebur yaiku yen niyate wis suci mesthi wae panindake manteb sajiwa-raga. Kaping pat, lebar yaiku kabeh mau bakal nggawa akibat sing ora entheng, kudu wani nanggung rekasa lan kepenake.
Dene lepet, kuwi lambange priya, anggone ngrahapi kudu diudhari. Jarwa dhosoke, lepat kuwi yen wis klelep aja diempet. Ing kono lagi bisa kok temokake jatining rasa.

Tidak ada komentar: