Gancaran Teks
Suluk Wujil
Diceritaake salah sijine wong kang jenenge Wujil
sowan ing daleme gurune, yaiku Sunan Wahdat. Dheweke sujud sasandhinge sukune
gurune sing manggon ana ing Dhusun Benang. Kaliyan njaluk pangapura, siswane
kuwi mau njaluk supaya diwenehi ajaran bab agama sing kapilih nganti tekan wewadine.
Sedasa taun Wujil meguru kaliyan Sunan Wahdat, nanging
durung entuk ajaran sing penting. Asale Wujil iku saka Majapahit, sing mergawe
dadi abdi dalem. Tata basa lan sastra Jawa kuna wis dikuasai.
Wujil matur kaliyan nyuwun pangapura “sampun kawula
kuasai sedaya piwulangan agama kalebet sastra Arab, ananging sedaya menika ical
dhereaken nafsu, saben dinten ngginaaken topeng ngntos bosen kawula tumindak
kados badhut ingkang dados ginemanipun tiyang.
Kanjeng Sunan paringi kawula piwulangan ingkang wigati
ngenani aksara tunggal miturut paham pangiwa lan panengen amargi sedaya menika
taksih wonten ing tatanan gendhing lan tatanan syair. Ningali sedaya menika
ingkang boten beta khasil, kawula kesah saking Majapahit, ananging dereng
pikantuk obatipun. Pramila saking menika kawula lelungan ing wekdal dalu
saperlu madosi kawigaten saking kasampurnan ing dalem sedaya tingkah laku.
Kawula sowan ing saben tiyang suci, madosi sarining urip, wekasing jati wenang,
wekasing lor-kidul, suruping surya lan bulan, reming netra lan kahanan akhir
pati, wekasing ana lan ora ana.
Ratu Wahdat mesem,
“Sira Wujil kewanen matur sing ora-ora, nagih upah karana gedhene budimu maring
aku. Ora pantes aku diarani wong suci ing donya saumpama dol-tinuku ajaran
kitab. Luwih becik aku aja diarani ahli wahdat. Sapa wonge sing dol-tinuku
ajaran, kaya-kaya ngerti samu barange, wong mau diibaratke kaya kuntul sing lagi tapa sadhuwure banyu,
meneng ora obah, matane terus ngawasi, ethok-ethok alim ngerti mangsane, kaya
endhog sing putih ing jabane, nanging ing jerone kecampuran abang”.
Serngenge mulai angslup,
dina malih wengi. Wujil mulai nglumpukake kayu bakar kanggo gawe geni ing
sangisore pertapaane Sang Wiku, yaiku ing pinggir segara ing Desa Benang.
Kahanane desa kuwi mau sepi nrintim, gersang ora ana panganan kang bisa
dipangan, anane mung ombak segara sing nabrak watu karang lan mbentuk gua sing
medeni.
Sang Ratu Wahdat
ngendika, “Wujil mrenea!” terus dicekel kuncirekaro diusap-usap,diwenehi anugrah
ajaran sing penting. “Wujil rungakna omonganku iki, saumpama gara-gara
omonganku iki kowe mlebu neraka, ben aku dhewe sing mlebu sajerone, dudu sliramu.”
Wujil terus nyembah lan
ngaturake sembah nuwun, “ngapunten Paduka, langkung becik kula piyambak ingkang
mlebet neraka”. Sedaya sampun mangertos tegesipun bok bilih guru lan siswa
menika boten nate benten paham, kekalihipun saekapraya.
“Pesenku kanggo sliramu
Wujil, ati-ati urip ing donya, aja sembrana ing kalakuan. Ngertia yen sliramu
kuwi dudu kasajatian, kasajatian kuwi dudu sliramu. Sapa wonge sing ngenali
awake dhewe, kuwi padha karo ngenali maring Sing Kuwasa. Kuwi minangka dalan
kang luwih becik.
Kautaman manungsa
ngertia kasajatiane salat, sembah, lan pujian. Kasajatian salat kuwi dudu isya’
utawa magrib. Kuwi mung bisa diarani sembahyang. Yen diarani salat iku sebab
dadi kembange salat daim lan minangka tatakrama. Endi sing sejatine diarani
sembah? aja nyembah yen ora katon sapa sing disembah. Akibate bakal kasor
derajatmu. Yen sliramu ora ngenali sapa sing disembah ing donya iki, kalakuane
kaya nulup manuk. Pelurune disebar, nanging manuke ora kena, ahire nyembah adam
sarpin. Sembahe ora ana gunane. Lan endi sing diarani pujian? Senajan akeh wong
kang muji rina wengi, yen ora dibarengi nganggo pituduhe bakal ora sempurna
kalakuane mau.
Yen kepingin ngerti
hakikate pujian, sliramu kudu ngerti mlebu-metune sing nuduhake anane Sing
Kuwasa. Luwih bicik sliramu ngerti mlebu-metune ambegan lan anasir alus sing
jumlahe ana papat, yaiku bumi, geni, angin lan toya. Adam uga diciptaake saka
anasir papat, yaiku kahar, jalal, jamal, lan kamil kang ngandut sifat-sifat
Pengeran kalawan wolu unsur kauripan. Sifate ing jero badan mlebu-metu, yen
metu ngendi arahe, yen mlebu uga ngendi arahe. Enom tuwa kuwi sifat bumi. Yen
tuwa endi enome, yen enom ing endi tuwane. Unsur geni kuwi sifate kuwat apes.
Yen kuwat endi apese, lamun apes endi nggone kuwate. Ana maneh unsur angin
sifate ana lan ora. Yen ora endi anane, lamun ana kuwi endi orane. Anasir toya
kuwi sifate mati-urip. Menawa urip endi patine, lamun mati endi parane uripe.
Bakal kesasar yen ora kokngerteni.
Ngertia yen cekelane
urip kuwi ningali ing awake dhewe lan ora pegat pamujine. Ngendi sing minangka
kang muji lan kang pinuji, aja nganti sliramu ora mangerteni. Sebabe wong agung
luru sarira kuwi kanggo mangerteni kalawan nyata sajatining uripe ing donya. Ngertenana
sajatining urip. Raga iki kaya kurungan, becik dingerteni manuke. Bakal rusak
yen sira ora weruh.
Wujil, kabeh kalakuanmu
ora bakal kasil, yen sliramu pingin mangerteni becikana awakmu, manggona ing
panggonan kang sepi, aja kegawa ramening donya. Aja adoh-adoh nggoleki
kaendahan, kaendahan wis ana ing awakmu, malah-malah kabeh isine donya ana ing
kene, minangka pandulu Kresna Jati ing awakmu. Rina wengi awasana paningalanmu,
apa wae kasunyatane kang ana ing badan, kabeh kuwi minangka sifat pakaryan.
Bakal rusak sliramu sebab kadadean saka kekarepanmu, mula sing ora rusak kudu
kokmangerteni. Sampurnaning pandulu iku ora bakal rusak, anane kuwi nuduhake
anane. Sapa kang mangerteni perkara kuwi, anane dadi pujiane. Jarang kang weruh
ajaran iki entuk kabegjan sing gedhe.
Sayogyane sliramu Wujil, delengana awakmu dhewe,
kaya mlumah awakmu kuwi. Wujil yen sliramu mateni sing ningali sarira, solahe ngekang,
sing dikekang kuwi badane, sing dipentingake mung kekurangane, kuwi sing
dieling terus-terusan. Wujil kang weruh ing sarira iya iku weruh ing Pengeran.
Ora bakal cecaturan yen ora ana wadi sing diajarke. Ana maneh kang angyakteni,
temen-temen goleki sarira, ucapane ora nate luput saka kasucen, ora nate keliru
saka panggonane, ya kuwi kang aran lampah. Kahanane Pengeran kuwi beda karo
kahanane manungsa. sucikke kahanane Pengeran. Ana wong kang ngaku ngerti,
ananging kalakuane ora pas, ajaran kanggo jaga nefsu diselaki. Nglirwaake
panguripan kang saleh. Wong kang yekti mangerteni bisa njaga nefsu, rina wengi
njaga paningale, ora nate turu. Kuwi mau minangka adedasar supaya bisa mateni
hawa nefsu. Aja mung krungu wae, temen-temen ing lampah kang suci. Kekajengan
lan kayakinan yen wis cetha mlebu-metune ora ana sing angel kaya motong pring
pikulan. Beda kaliyan wong kang ora ngerti. Paningale winates sebab dheweke ora
nampak wujude, ananging tetep ana. Miturut ajaran wong kang unggul Pengeran
kuwi ora manggon. Saumpama wong leren kanggo deleng, malah nduweni paningalan sing
sampurna. Ningali wujud sing umum sing katon wujud kang sejati.
Sliramu kudu mangerteni hakikat meneng lan muni. Yen
ora mangerteni, menenge ora ana isine. Yen muni aja kalawan suara kang seru,
diumpamakke kaya manuk beo mbetho, ora ana tegese. Menawa ngenani ajaran kang
wadi aja katon kaya wong pinter. Kuwi miturut ngendikane wong kang sampurna.
Apa gunane pasuryan kanggo wong kang ronda ing wektu bengi utawa kanggo wong
wuta. Kabeh mau ora ana gunane. Yen ora digunakake kanggo ningali kabecikan,
kepiye bisa weruh sarira. Asal kasampurnan kuwi saka muni lan ora mung meneng.
Ora sebab meneng, ora sebab muni.
Takonana Wujil kalawan wong kang salih. Sliramu kudu
mangerteni hakikat sembah lan pujian. Sembah kuwi macem-macem. Ngendikane wong
unggul, wong muji sedhela wae padha karo wong kang ibadah satus taun yen ngerti
carane. Umpamane wis ngerti carane muji, pujiane wis ora kepathok wektu. Wong
unggul sing liya ngendika yen muji kaya ngana padha karo sembahyang suwidak
tahun. Wis sampurna ragane amerga ora kepathok wektu. Kalakuane ing jero masjid
bisa dadi panutan, ora kaya sembahyange manuk bangau. Ora kena diselaki kabeh
mau sabdane pemimpin donya (Muhammad SAW).
Wujil takona! Ana wong muji rina wengi gedhe dampak
kabecikane, asal dilakoni miturut cara kang bener. Ngana kuwi padha karo
sembahyang rolas tahun.wujil sliramu bisa nglakoni. Sliramu kudu budidaya. Ana
maneh wong sing sembahyang sedhela duweni dampak kabecikan yen ngerti carane.
Kuwi uga padha karo sembahyang rolas tahun. Kuwi sing diarani tafakur. Menawa meneng
ing ngendi arahe. Sapa kang bakal njelasake munggah mudhune meneng lan muni
kudu kokngerteni.
Wujil, wong kang meneng kuwi luwih becik. Kuwi
sembahyang kang tanpa winates lan ora kepathok wektu. Sampurna wong kang kaya ngono.
Ragane ora ana sing katinggalan, sampe kotoran lan uyuhe. Kuwi minangka lampah
sing sejati. Megurua karo wong kang bener-bener mangerteni kabecikan. Kuwi
pesene Nabi Muhammad SAW. Aja nyembah sira Wujil yen ora nyata sapa sing
disembah. Sembah lan pujianmu bakale muspra. Yen sing disembah kuwi nyata ing
ngarepmu, sliramau bakale ngerti yen anamu kuwi minangka Sing Maha Agung lan
anamu dhewe ora ana. Kuwi mau sing diarani meneng ing wong kang lagi muji.
Takona maneh Wujil, merga kelingan ora kabeh manungsa
ngerti kepiye kalakuane bisa rampung yen ora dilakoni. Sapane wong kang
nglakoni lan ora lali maring Gusti, kalakuane mau minangka tanda yen dheweke
entuk kmulyan kang gedhe saka Gusti Sing Maha Kuasa. Sapa kang ora gelem
nglakoni kuwi nuduhake dosane, yoiku bakal kena bendu lan karekasan. Terus
takona maneh Wujil, takon hakikate niyat. Aja winates ing pikiran. Niyat kuwi
dudu mbatin lan nyebut. Bekti sing utama kuwi ora kapathok wektu. Kabeh sing
dilakoni kuwi wujud sembahyange. Meneng lan muni uga kabeh obahe awake dadi
wujud sembah, sampe wudlu, kotoran lan uyuhe dadi sembah. kuwi sing diarani niyat
sabenere. Pujian sing ora winates.
Wujil, niyat kuwi luwih wigati tinimbang kalakuane.
Niyat kuwi dudu basa lan swarane. Niyat nglakoni pakaryan sing katon kuwi
grenteg pikirane. Niyat kuwi dudu niyate, nanging niyat nglakoni panggaweyan
kuwi sing katon. Niyat nglakoni sembahyang kuwi ora ana bedane karo niyat
ngrampok.
Wujil sebabe wong dadi kafir gara-gara ngugemi
aturan. Padha ngandhalke kapinterane sing digunakake kanggo ngyakinke. Ngugemi
omongane. Sawise sembahyang magrib rame padha padu, akibate padha
penthung-penthungan nganggo jobahe sampe ucul ikete. Tukar padu ing jero
mesjid, akibate ora padha nyapa, lan sembahyang dhewe-dhewe. Kuwi hasil saka kesesatan
sing diugemi mung unine tulisan. Ora ngerti hakikate niyat. Kuwi akibate wong
sing bingung. Lanang wadon padha budidaya nggoleki niyat, ananging padha ora
ngerti dalane.”
Sliramu kudu njaga nefsumu. Yen wis koktaleni, aja
kakehan omong. Aja padha nuruti apa sing dadi kapinginane dhewe. Kuwi dalan
sing salah, sing diandhalke mung omongane dhewe. Terus-terusan ngandhalake
rebanane, mula yen rebanane dibuang mendhuwur padha antem-anteman.
Ketoke wis awan, serngengene wis metu saka sisih
wetan. Ratu Wahdat ngutus Wujil, “Wujil menea!, sliramu takutus lunga menyang
pondok putri. Satpada kongkon ngadhep.” Wujil langsung lunga maring pondok
putri. Sawise tekan ing pondhok putri, Wujil kepethuk kaliyan Satpada, banjur
ngomong, “Satpada aku diutus Kanjeng Sunan kanggo ngundang sliramu”. Satpada takon,
“kenapa esuk-esuk wis diundang? Aku dadi deg-degan”. Wujil mangsuli, “aku ora
ngerti alesane kenapa sliramu diundang Sunan. Becike sliramu cepet-cepet
ngadhep Sang Sunan”.
Kekarone padha mangkat bareng anuju ing daleme
Sunan. Ing satengahing dalan Satpada takon kelawan Wujil, Wujil sadurunge aja
salah tampa, aku arep takon kenapa sliramu diarani Wujil?” Wujil menggalih ing
batin, wanita kuwi ayu, pitakonane empreh, nanging ngemu perkawis. “ya aku
bakal mangsuli pitakonanmu, sebab aku diarani Wujil merga antarane jeneng lan
rupaku kuwi ora ana bedane. Aku ora kudu baleni lelakuku merga enem rasa jati
wis taklakoni”. Krungu wangsulane Wujil, Satpada ketok bingung, raine abang.
“Wujil sampeyan dudu Wujil sing saiki, nanging saka Majapahit”.
Wujil lan Satpada teka ing pertapaane Sunan Wahdat.
Kekarone padha lungguh. Sang Unggul takon kaliyan Satpada, “Kabar apa sing
kokgawa saka Juwana?” Satpada mangsuli, “Rayi panjenengan ingkang asma Seh
Malaya dados penari topeng ing Pati, laminipun pitung dinten”.
Kanjeng Sunan ngutus Wujil, “Wujil golekana kembang
teratai!” sawise entuk kembang teratai, dening Sunan Wahdat kembang kuwi mau ditulisi.
Ing sajrone diisi kaliyan kembang rambuyut sing digawe dadi sumping sureng
pati. “Wujil wenehke kembang teratai iki maring adikku, Seh Malaya. Iki sumping
kanggo wong kang main wayang. Wong kang dadi penari topeng uga pantes nganggo”.
Sawise diutus, Wujil langsung njaluk pamit lan lunga maring Pati.
Satekane ing pati, Wujil takon maring warga dusun apa
dheweke ngerti anane pemain gambuh kang misuwur sing jenenge Seh Malaya. Sing
ditakoni mangsuli, “bener ana wong sing jenenge Seh Malaya saiki main topeng
ing dusun Wasana Kidul. Akeh wong sing mersani pentase”. Wujil nerusake lakune.
Sawise teka, Wujil langsung ngadhep ngaturake sembah lan surat sing rupa
kembang teratai. Kembang teratai ditampa dening Seh Malaya lan dibukak lan ana
manik-manik sureng pati ing jrone. “duh endahe kembang teratai kalawan wiji
saga kaliyan manik-manik sureng pati, diwenehi kembang melati”. Seh Malaya banjur
takon kaliyan Wujil, “apa tegese sureng pati kaliyan wiji saga ing sajrone kembang
teratai iki Wujil?” Wujil ngaturake sembah nyuwun pangapura lan matur, “Kawula
boten mangertos Gusti”. Seh Malaya ngendika lirih, “Sang Sesembahan saking
Muria duweni penggalih menawa kabeh panggawean kuwi ana lerene ing akhir pati,
ya kuwi titik akhir saking pasrah”.
Teratai kuwi mau diwaca lan dirasaake ing jero ati
isi tulisan mau. Seh Malaya trenyuh, atine rujit dening isi surat mau, akeh
kiasan, ngemu teges kang endah lan alus. bentuke bait kakawin sing dadi tembang
ing pungkasaning surat. Pungkasane serat iku mangkene. Nalika rayi ninggalake
griya lan kaluwarga, aku wanti-wanti supaya sliramu eling maring wejanganku. Sateruse
aku wenehi ngerti yen aku kepingin ketemu kaliyan sliramu. Rasa kangenku iki wis kaya wit-witan sing
ngarepake udan ing mangsa ketiga. Diibaratake kaya kumbang sing lagi ngarepake
sarine kembang. mabur kliyan nyuwara, kapingin ngerti kabecikan.
Sawise kembang terarai diwaca, kembang mau diselehke
banjur Kanjeng Seh lungguh nglamun. Wujil takon, “Kenging menapa Gusti lenggah
nglamun kados mekaten? Kawula kapingin mangertosi isi serat ingkang wonten ing
kembang menika”. Wujil Gustimu ngandhaake babagan lelakonku ing Mekah”.
Sateruse Wujil dijak mulih ing pondhoke Seh Malaya
ing Dusun Pagambiran. Randha-randha padha ngetutke. Wujil mlaku paling buri. satekane
ing pondok, Wujil dikongkon mangan bareng karo wong akeh. Sawise mangan wong
loro mau nginang. Nalika surya wis angslup, Seh Malaya ngendika, “Wujil lamun
sira mulih mengko, kudu kokkandhakake karo Gustimu apa sing bakal takomongake,
nanging kudu kokkandhakake nganggo omonganmu dhewe. Sliramu mesthi bisa
ngandhakake nganggo omonganmu dhewe. Aja kokkandhakake bilih kuwi omonganku”.
“Ngene Wujil, kenapa aku mbalik nalika lunga menyang
Mekah. Balik ing Malaka lan guru kondur ing Pase amarga diutus dening Molana
Magribi. Molana Magribi ngendika, “Becike sliramu bali amarga sing kokgoleki
ora ana ing Mekah. Mekah sing ana ing kulon kuwi Mekah tironan. Watu sing
digawe. Sing nggawe Nabi Ibrahim. Masyarakat Jawa yen koktinggalake bakal dadi
kafir. Mula balia!”
“ora ana wong sing mangerteni tujune Mekah kuwi.
Lamun wong kuwi mulai lelakune wiwit nom nganti tuwa tetep wae dheweke ora
bakal nemukake tujuane. Lamun ana sangune kanggo nuju Mekah lan dadi wali,
sangune kuwi larang banget, angel ditemukake. Dudu dinar. Sangune kuwi arupa
kendhel ing pati sarta sabar lan ihlas ing donya. Mesjid ing Mekah kuwi
ngubengi ka’bah. Gemandhul tanpa tali. Dideleng saka dhuwur katon langit ing
ngisor, sawalike dideleng saka ngisar katon bumi ing dhuwur. ndeleng kulon
katon wetan, ndeleng wetan katon kulon. Ndeleng kidul katon lor sing endah. Yen
ndeleng lor katon kidul sing cumlorot kaya matane manuk merak. Ka’batullah yen
ana wong siji sing sembahyang, namung bisa cukup kanggo wong siji kuwi. Lamun
ana wong loro nganti satus wonguga bisa cukup kanggo wong semono mau,
malah-malah cukup kanggo wong sadonya. Kuwi pesenku Wujil, kudu kokkandhakake
maring Sang Sesembahan. Kandhakake nganggo omonganmu dhewe, aja nganti katon
kaya omonganku. Menawa Kanjeng Sunan mundhut pirsa, kandhakake kalawan khurmat
yen aku ngaturake salam”.
Wujil nyuwun pamit lan cepet-cepet bali ing daleme
Sunan Wahdat. Sawise teka ing pertapaan, Wujil ngerteni yen gurune lagi dzikir.
ngerti kahanan sing kaya ngana, dheweke lungguh lan meneng ora ngomong,
ngenteni gurune rampung dzikir. Kelingan tata cara menawa meguru. Wujil wis
ngerti tata cara kaya ngono merga wis suwe olehe melu Sunan Wahdat. Wujil
disapa dening Kanjeng Sunan, “aku seneng sliramu cepet bali”. Wujil namung
ngaturake sembah lan matur, “Seh Malaya boten ngendika napa-napa,
panjenenganipun namung ngaturaken sembah”. ketok pinter Wujil bisa njaga welinge
Seh Malaya. Sunan Wahdat ngerti tegese omongane Wujil, banjur Wujil disepura
dening Kanjeng Sunan.
Ngertia Wujil yen sadulurku kuwi sawangsule saka
Malaka omah-omah ing Garage (Cirebon). Ing kono dheweke nyucikake awake. Arane
panggonane penyucian kuwi Kalijaga, panggonane semedi. Suwene limang taun
dheweke nglakoni penyucian. Terus dheweke diboyong dening Ngawanggi ing Demak.
Anak lanange lunga saka omah. Anak sing paling unggul lan seneng nglakoni tapa,
ngurangi mangan lan ngombe. Wong tuwane kapingin ngayem-ayem anake, “aja kesusu
sliramu isih nom”. Omongan kuwi sing dadekake anake lara ati. Sang anak dadi
asring susah nganti sawijine bengi sang anak lunga saka omah tanpa pamit. Wong
tuwane susah. Kuwi sing dadi sebab kenapa Seh Malaya dadi penari topeng.
Tresnane kalawan anake sing dadekake dheweke dadi pemain gambuh ing desa sing
dilewati tanpa mikirake sandhang pangan, ora eling rasa isin.
Wujil bener-bener angel nemukake pati salagine wong
kuwi isih urip. Mati minangka kabekten kang paling utama, ora ana sing
dipikirke maneh merga bakal wangsul ing ngarsane Gusti. Yen sliramu isih
mikirake liya-liayane, sliramu ora bakal nemukake apa kang dadi tujuanmu. Yen
sliramu pengin nemukake, patenana dhisik nefsumu. Lamun sira wis nemukake apa
kang dadi tujuanmu kuwi bakal nemukake manunggaling kehendhak nyatu kaliyan
kehendhaking Gusti. Sliramu bakal bakal manunggal kalaiyan Gusti Pangeran.
Namung jeneng wae sing beda. Slirama bakal nyatu kalawan rasa, ing samu barang
apa wae bakal manunggal.sawise manunggal lan wis kokpasrahake urip lan matimu
tumrap Gusti ora ana larangan kanggo sliramu ngenani sandang pangan. Kehendakmu
kuwi manunggal kelawan kehendake Gusti. Wong sing ditresnani ora entuk milih.
Kuwi wujud manunggale rasa. Wong sing isih milah-milih kuwi wong sing isih ana
ing jaba lan ora ngerti apa sing ana ing jerone. Sembahyange disebar tanpa arah
sebab ora mangerti sing ana ing jero keraton, namung ngrungokake warta, sing
dingerteni mung keratone. Aja mung krungu warta sebab warta kuwi bisa dadekake kesasar
yen sliramu salah ngerteni.
Sunan Wahdat ngutus maring Satpada,”Satpada jikuka
kaca!” Satpada njikuk kaca lan menehake maring Kanjeng Sunan. Sunan Wahdat
ngendika, “selehake kaca kuwi ing wit waru, terus kuwe kabeh padha ngaca
bebarengan”. Wujil lan Satpada padha nindakake perintahe Kanjeng Sunan.
Satpadha ngomong, “kaca iki luwih gedhe tinimbang Wujil”. Patang jengkal ambane
kaca, nanging isih gedhe kaca tinimbang Wujil. Dening Sunan Wahdat, Wujil
diutus ngadek ing sangarepe kaca. Sing dikongkon terus nindakake perintah.
Ayang-ayange Wujil katon ing kaca nganti tekan kuncunge, kaya bocah cilik,
nanging raine wis kisut kaya kulit jeruk sebab wis tuwa.
Satpada ngomong, “Wujil sliramu ngadeg lan aku
lungguh, nanging aku lan sliramu tetep padha dhuwure. Yen sliramu dideleng kaya
bocah cilik sing raine kisut”. Sang Guru mesem, “Wujil wangsulana omongane Satpada
mau!” “Kala wau enjang kula sampun dipunsindhir dening Satpada”. Satpada selak
lan ngendika, “Guyonane Wujil apik, lawakane lucu”. Sunan Wahdat ngendika lirih
kaliyan menehi pituduh maring siswane, “Wujil lan sliramu Satpada delengen apa
sing ana ing kaca kuwi!” banjur Wujil matur, “Ing ngriku wonten kalih
ayang-ayang kang setunggal kekajengan”. Satpada nyaut, “Wujil kekarepanku lan
kekaepanmu ing ngendi manunggale?” Wujil mangsuli, “ora ana bedane antarane
lanang lan wadon yen ditemukake ing kaca kaya ditemukake ing kasur”. Satpada
nggreneng, “piye manunggale kawula Gusti, omongane Wujil kuwi keliru”. Wujil
mangsuli meneh, “ora ana bedane antarane lanang lan wadon, yen ditemukake ing
kaca ora diarani lanang lan wadon maneh”. Satpada ngomong maneh, “Wujil slirmu
nyindhir kaya wong kang duweni wujud normal”. Wujil mangsuli,”ora kuwi sing
takomongake, sliramu salah tampa”. Sunan Wahdat mesem, “menenga sliramu Wujil,
coba gatekake rupa kang ana ing kaca kuwi, delengen lunga lan tekane! Yen
ayang-ayang mau ana ing ngendi lungane, lamun ayang-ayang kuwi ilang ngendi
anane?” “Wujil ngadeka sliramu ing saburine kaca!” “Satpada coba gatekana,
delengen ayang-ayang kuwi, ayang-ayangmu lan ayang-ayange Wujil sing ana
ingkaca. Ing endi ayang-ayange Wujil saiki?” Satpada bingung lan matur, “Guru
ingkang wonten namung setunggal ayang-ayang inggih menika ayang-ayang kula
sarasan. Ayang-ayangipun Wujil boten ketingal amergi piyambakipun wonten ing
wingkingipun kaca”.
Sang Sesembahan nglanjutake omongane, “Satpada
enggonana panggonane Wujil lan sliramu Wujil ngacaa!” Wujil banjur ngaca lan
ngematake ayang-ayange. “Wujil saiki ana apa ora rupane Satpada?” Wujil
mangsuli, “boten wonten Kanjeng Sunan, ingkang wonten namung rupa kawula”. “Lha
saiki rupane Satpada ana ngendi?” Wujil mangsuli kalawan khurmat, “ngapunten
Guru, miturut kawula ingkang bodho menika manunggalipun kekajengan kalih menika
boten wontenipun nedahaken kawontenanipun, kawontenanipun minangka boten
wontenipun”. Nuli Sunan Wahdat takon maneh, “kepiye panjlentrehane babagan
kuwi?” Wujil mangsuli, “boten saged dipunandaraken malih tegesipun perkawis
menika, kawulo nyuwun pirsa babagan menika”.
Sunan Wahdat ngendika lirih, “Wujil bener omonganmu,
perkara kuwi namung bisa dijlentrehake kaya mangkene. Kalimat La Ilaha kuwi
ngemu isbat lan nafi. Sabenere ana lan ora ana kuwi sifate. Allah kuwi duweni
sifat ora ana, ananging ing ora anane kuwi Allah wis ana. Anane kuwi nakirah.
Nafi nakirah lan nafi jinis menika sifat Pengeran. Nafi lan isbat kuwi ora
pisah uga ora manunggal. Kekarone dadi siji lan dibatesi lafal Illa, kekarone
uga ora bisa mlebu ing lafal Allah. Mangertenana Wujil isbat kuwi mesthi
nuduhake ing musbate kaya antarane dalil madlul. Lafal Illallah diarani musbat.
Sifat musbat kuwi mutlak iku sing diarani ismullah. Ora ana Pengeran loro
kalawan adedasar Illallah.
Wujil perkara iki angel sebab ora gampang dipahami
lan dilakoni. Kuwi sebabe akeh wong sing meksa kekarepane, padha cekelan swara,
kaidah-kaidahe kudu teliti. Saraf lan nahwu disinaoni awan wengi, nanging
pemahamane kandhek ing wacan”.
Surya wis angslup, kira-kira ing sadhuwure gunung.
Wujil matur, “Kanjeng Sunan wonten dhalang ingkang asma Santun kang singgah
wonten ing Pananggungan badhe mentasaken wayang”. Sang Guru mangsuli, “Tilikana
pagelarane, yen deboge wis rusak, tugasmu genti deboge. Lan enggal aturi supaya
miwiti pagelarane”.
Sang Guru banjur mlebu omah. Sing mentasake wayang wis
miwiti gendhing. Gamelane ditabuh. Dhalang miwiti mentasake wayang kanthi lakon
Bharatayuda sing asale saka penobatan Raja Daha. Nalika muji banjur ngandharake
babagan dadine Raja Jaya Baya. Naskah iki digubah taun 1529 Saka utawa 1607
Masehi. Wayang kang dimaenke nalika para dewa padha mudhun, yaiku Narada,
Janaka, lan Begawan Parasu sing dherekake lampahe Raja Kresna.
Sunan Wahdat enggal mijil saka griya nalika Seh
malaya sowan kaliyan dikancani muride, yaiku Luwung Salawe lan Wanakarta. Sawise
ketemu kabeh padha lungguh bebarengan, panganan diaturake, nanging tamune mau padha
ora gelem. Sunan Wahdat ngendika, “Aku ngerti yen sliramu wis teka Mekah rayi”.
“Inggih leres Kanjeng Sunan, kawula dugi Mekah nalika tapa ing Kalijaga. Mekah
menika awrat dipunmangertosi. Ombakipun ageng sanget, kula nitih perahu.
Toyanipun mlebet wonten ing sajroning perahu, lajeng perahu kula menika mlebet
ing sajroning toya, malah-malah mlebet ing bumi, nanging piweling saking guru tetep
kula ugemi.
Bibaripun ngliwati segara, dugi wonten ing padhang
pasir. Ombakipun ageng sanget kados bledeg nyamber. Suantenipun ombak kala wau
gemrudug kados gunung bledos, bumi goyang-goyang, surya lan rembulan boten
wonten cahyane, bintang-bintang sami mabur. Sasampunipun ngliwati padhang
pasir, lajeng dugi ing segara geni. Ombakipun kados bintang ingkang tiba. Angin
kenceng, gunung-gunung sami jugluk, kelukipun medalaken ambet bosok, kados
mesiu ingkang dipunbakar. Geni wolak-walik mbeta ambet belerang kados bledeg
nyamber. Wejangan ingkang awula pikantuk saking Guru tetep kawula ugemi. Lampah
kawula nemu kasil. Sasampunipun ngliwati segara geni kawula kedang ngaji, Basa
Arab menika awrat sanget boten wonten bandhinganipun amargi boten wonten
ingkang sami kaliyan seratan sanes. Menika ingkang njalari kathah siswa ingkang
kanthek lampahipun ing tengah margi. Boten kathah tiyang ingkang mangertos
Mekah.
Pagelaran wayang wis jabelan. Nalika mengkono
pagelaran wayang diutus mungkasi. Seh Malaya lan siswa kekalih saha Wujil diaturi
bali ing pamujan, terus bebarengan tukar pikiran. Sawise kabeh padha lungguh,
Sunan Wahdat ngendika, “Rayi mangga bareng-bareng ngomongake pagelaran wayang
mau kanthi lakon Kresna Duta kang dijipuk kiasane kanggo Agama Islam”. Seh
Malaya mangsuli, “kawula boten mangertosi hubunganipun Jawa lan Islam. Semanten
ugi siswa kekalih ingkang boten saged sastra Arab, piyambakipun derek
ngendikanipun Kanjeng Sunan”.
Sunan Wahdat ngendika malih, “kiasan nafi lan isbat
kuwi rayi. Wayang tengen lan wayang kiwa. Sisih tengen kuwi minangka nafi lan sisih
tengen minangka isbat. Pandawa minangka nafi lan kurawa menika isbat. Anane
nafi kuwi disebabake anane isbat, uga sawalike. Perang kuwi ngrebutake musbat.
Kresna kang minangka dadi kaca kanggo kekarone. Menang lan kalahe gumantung
kaliyan kaca. Musbate kuwi negara sing dadi rebutan. Kurawa lan Pandawa
ngrebutake negara, kuwi kiasane. Sebab akeh wong kang tukar padu jalaran padha
ngrebutake nafi lan isbat, perkara iki bener-bener angel. Manungsa ora kena ngugemi
tulisan, amerga lahire tulisan iku saka pamikiran. Pamikiran ora mung siji.
Perkara iki sing bisa njalari dadi kesasar sebab akeh wong sing ngegungake
fahame.wong wis padha seneng yen wis bisa maca Qur’an. Yen sliramu pengin
ngrteni perkara iki delengen awakmu dhewe. Piye wujude aja nganti keliru sebab
padha karo tengah-tengah pring sing kebukak pucuke, garis tengah peluru, jaran
kang mlayu kenceng ing pathoke, utawa kembang lo sing ora nate alum”.
“Rayi mrenea! Wis suwe aku kangen karo sliramu”.
Kekarone padha rerangkulan, dhadha adu kalawan dhadha, rai lan irung padha adu,
sunan Wahdat ngendika maring Seh Malaya, “remke mripatmu lan aja mamang!” ora
suwe kekarone wis teka ing Mekah.
Sumber saka: Kohar, Moch. 2011. SELUK WUJIL DALAM KAJIAN STRUKTURAL SEMIOTIK. Skripsi Unnes PBSJ, NIM. 2102407150.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar