DIALEK KUDUS
Tembung “ora” (tidak) dadi “orak” , “wae” dadi “ae” Panambang (mu) dadi “em” dulurmu à dulurem, bojomu à bojonem, nggonmu à nggonem lsp. Tembung “jarke” dadi “jarna”, kepriye dadi “piye”, “dak” dadi “tak”, “saben” dadi “ben”.
Basa Jawa | Dialek Kudus |
Duweke sapa? | Nggeke sapa? |
Deweke jarake wae? | Ndek-e jarna ae? |
Kuwi kepriye? | Iku kepiye, iki piye? |
Dak jaluk kuwe bali. | Tak jaluk kuwe balek. |
Saben dina aku merene | Ben dina aku rene. |
Amargi, kula kaleres kesah | Keranten kula saweg kesah. |
Sampeyan punika kados pundi? | Sampeyan niku dospundi? |
Kok kaya ngono iku piye? | Kok ngono iku piye? |
Saliyane iku uga ana tembung-tembung anatarane: “kirangan” (entah), “njarak” (sengaja), “ketilap” (ketemu), “mantuk” (pulang), “mak” (bapak), “makyai” (kakek), “mbok” (ibu), “mboknyai” (nenek), “nduk” (panggilan anak perempuan), “nang” (panggilan anak laki-laki), “man” utawa “lik” (paman), “bi” (bibi), “kang” (kakak laki-laki), “yu” (kakak perempuan),
Tembung “Jug,jug!” saka tembung “tajug” yaiku salah sijine panggonan ana makam Sunan Kudus. Akeh warga sing nadzar, sumpah, digawe saksi ana kono. ”Wah adohe sakjabalkerat!” (bukan main jauhnya) tembung jabalkerat iku saka tembung Jabalkat yaiku jeneng bukit sing ana ing Tembayat. “Iku wis ndek jaman baholak!” tembung baholak nyatane saka basa Sunda “bahuela” sing artine (jaman dahulu).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar