wOw

Selasa, 03 Juli 2012

GaYa_baHasa_Roman_JaW@



Saben pangripta anggone nggawe karya sastra nduweni lelewaning basa sing beda karo pangripta liyane. Babagan kasebut amarga saben pangripta nduweni ciri khas lan carane dhewe-dhewe anggone ngungkapake ekspresi jiwa lan pandangan hidup ing atase karyane. Ing kumpulan cerita roman sacuwil Intan Ora Mlebu iki, Ary Nurdiana minangka pangripta uga migunakake basa sing beda karo pangripta liyane. Kaistimewaan kasebut ana ing lelewaning basa kang bisa dideleng lumantar diksi, struktur kalimat, lan majas ing sajroning roman Intan Ora Mlebu.
            Babagan kang diudi ing panaliten iki yaiku kepriye lelewaning basa ing kumpulan cerita roman sacuwil Intan Ora Mlebu karya Ary Nurdiana kang nyakup diksi, struktur kalimat, lan majas. Ancas panaliten iki yaiku kanggo mangerteni kaya ngapa lelewaning basa ing kumpulan cerita roman sacuwil Intan Ora Mlebu karya Ary Nurdiana kang nyakup diksi, struktur kalimat, lan majas.
            Pendekatan kang dianggo ing panaliten iki yaiku stilistka. Pendekatan iki kanggo ndhudhah penyimpangan kebahasaan, sarta kepriye pangripta iku migunakake tanda-tanda linguistik supaya bisa nemu efek khusus ing sajrone karyane. Metode kang dianggo ing panaliten iki yaiku metode struktural. Metode iki digunakake kanggo maparake lelewanig basa ing kumpulan roman Intan Ora Mlebu kang nyakup diksi, struktur kalimat, lan majas. Teori kang dianggo ing panaliten iki yaiku teori diksi, struktur kalimat, lan majas miturut pendekatan stilistika.
            Asil saka panaliten iki nuduhake jenis lelewaning basa ing kumpulan cerita roman Intan Ora Mlebu adhedasar diksi, ngliputi kata benda, kata sifat, kata kerja, kata keterangan, kata majemuk, kata ulang, lan penggunaan bahasa asing. Kajaba iku, diksi kang dgunakake ing kumpulan roman Intan Ora Mlebu migunakake tembung sing biasa dirungokake ing kalangane ramaja. Pigunane unsur diksi ingatase kumpulan cerita  roman Intan Ora Mlebu bisa nuwuhake tegesing tembung sing kusus, saengga ndadekake tembung dadi luwih jelas.
            Analisis struktur kalimat ing antarane yaiku klasifikasi kalimat, jenis frase, lan jenis klausa. Pigunane struktur kalimat ingatase kumpulan cerita  roman Intan Ora Mlebu bisa nguripake swasana guneman, sarta nggawe makna luwih jelas. Ary Nurdiana ing karyane iki, migunakake tuturan sing prasaja kalawan tembung-tembung langsung, babagan iki nggampangake sing maca kanggo mahami maksud sing arep disampekake dening pangripta.
            Analisis majas, ngasilake majas sing dominan ing cerita yaiku majas simile, metafora, lan personifikasi. Pigunane majas ingatase kumpulan cerita roman Intan Ora Mlebu nduweni ancas kanggo memperhalus lan menyangatkan tembung, saengga nuwuhake efek estetis ing saben lelakon kang ana ing njerone.
            Adhedhasar saka asil panaliten iku, saran sing diwenehake yaiku, supaya kumpulan cerita roman iki bisa diteliti maneh nganggo kajian sing liya. Cerita roman iki uga bisa didadekake sarana piwulang bahasa Jawa ing sekolah.

Kapethik sakaSubhan, Muhammad. 2011. Skripsi Unnes: Gaya Bahasa dalam Kumpulan Cerita Roman Sacuwil Intan Ora Mlebu Karya Ary Nurdiana. 

LaMatIng_KewaN_TemanGGung



Lamating kewan yaiku salah sijine kapercayan masyarakat kang percaya marang pratanda-pratanda urip kang diasilake karo polahe kewan. Ana ing kapercayaan lamating kewan masyarakat percaya yen kewan bisa menehi pratanda ana ing urip. Masyarakat  Desa Sunggingsari tekan saiki isih migunaake lamating kewan kanggo salah sawijining cara supaya oleh dalan urip sing luwih mituhu. Masyarakat uga ana kang migunakake kapercayaan iki dadi cekelan utawa panutan urip.
            Perkara kang diteliti ana panaliten iki yaiku; pratanda lan teges apa wae kang ana kapercayan lamating kewan masyarakat Jawa, mligine masyarakat Desa Sunggingsari. Paedah apa wae kang ana kapercayaan lamating kewan ing masyarakat Jawa, mligine masyarakat Desa Sunggingsari.
            Adedhasar perkara ing dhuwur ancase panaliten iki; 1) kanggo jlentrehake pratanda-pratanda lan teges kepercayaan lamating kewan  masyarakat Jawa, khususe masyarakat Desa Sunggingsari 2) .kanggo jlentrehake paedah kang ana ing njerone kapercayaan lamating kewan masyarakat Jawa, khususe masyarakat Desa Sunggingsari.
            Landasan teori kang digunakake yaiku teori  semiotik kultural.  Dene metode kang dipigunakake ana ing panaliten iki yaiku metode deskriptif analitik, kanthi migunakake pendekatan folklore. Anggone ngumpulake data nganggo cara observasi, wawancara, lan dokumentasi. Data dikumpulke saka informan kang dianggep duweni syarat kang wis ditemtoke. Sumber data panaliten iki yaiku masyarakat Desa Sunggingsari. Sakwise data dikumpulke saka informan, banjur data diolah ana ing proses analisis data kanthi migunakake teori kang wis ana kanggo mbedah tegese saben pratanda, lan diterusake kanthi jlentrehake kasil analisis mau.
            Asil panaliten nuduhake yen ana ing masyarakat Desa Sunggingsari isih padha percaya lan migunakake kepercayaan lamating kewan ana ing urip saben dina. Lamating kewan dianggep wangsit utawa pratanda saka Gusti Allah kang migunakake perantaraning kewan. Pada  kepercayaan lamating kewan terdapat simbol-simbol yang dihasilkan dari tingkah laku hewan yang kemudian dimaknai oleh masyarakat secara kolektif. Kepercayaan lamating kewan uga duweni patang fungsi yaitu dadi  proyeksi utawa angen-angen masyarakat, dadi alat kanggo ngesahake aturan-aturan kabudayan, dadi piranti kanggo nyinaoni anak, lan dadi aturan kang bisa ngawasi lan meksa masyarakat.
            Saka asil panaliten, pamrayoga kang bisa diwenehke yaiku kudu diuri-uri lan dijaga babagan lamating kewan kang wis dadi perangan saka kabudayan asli Indonesia, mligine kabudayan Jawa. Kapercayaan lamating kewan kalebu salah sijine warisan saka leluhur kang duweni paedah ana ing urip. Wis dadi kawajibane wong enom supaya ngerteni lan ngresepi apa sing ana ing njerone kabudayan iku. Dene bener lan ora asile bali maneh marang Gusti Kang Maha Kuasa lan masyarakate dhewe.

Kapethik sakaKurniawan, Restu. 2011. Skripsi Unnes: Lamating Kewan Pada Masyarakat Desa Sunggingsari Kecamatan Parakan Kabupaten Temanggung.