PEPENGET
BASA MINANGKA WEDHARING TATA KRAMA
dening: Ibu Suparni
Sampun pisan-pisan
migunakaken/ngetrepaken basa krama alus/inggil tumrap awakipun piyambak.
Amargi: menawi dipun tliti/
dipun tingali saking unggah-ungguhipun basa tuwin solah bawanipun tiyang Jawi
menika nedahaken menawi tiyang Jawi darbe watak/sifat ingkang ngasorake
pribadinipun lan ngluhuraken marang liyan.
Tuladhanipun:
- Kula
dereng nedha, menawi panjenengan sampun dhahar.
- Adi
sampun tilem, bapak ugi sampun sare, kula taksih ningali TV menawi embah
mriksani ringgit wacucal.
- Bu
Guru, weteng kula sakit, kula badhe wangsul.
- Pak
Guru padharanipun gerah badhe kondur.
Solah bawa, tingkah
lakunipun tiyang Jawi menawi dipun tliti priksa kathah obahing badan/awak
menika ingkang nedahaken tata krama lan nggadhahi watak ngasoraken pribadi
ngluhuraken liyan (ngajeni tiyang sanes luwih-luwih tiyang ingkang perlu dipun kurmati.
Tuladhanipun:
1.
Tiyang nem menawi liwat ing ngajengipun priyayi sepuh sanajan mlampah, utawi
nitih motor ananging sareng dumugi ing ngajengipun priyayi sepuh kala wau tanpa
mikir (reflek) alon-alon piyambak lajeng ndhungkluk mbungkukaken awakipun
saperlu atur pakurmatan, sanajan sasampunipun liwat bater malih.
2.
Tiyang ingkang sampun sami srawung, kenal, menawi kepanggih tanpa mikir
langsung manthuk, salaman, ngebel, nglirik, mesem menika minangka pratandha
atur pakurmatan /ngormati liyan.
Mila tiyang Jawi
dipun wastani ngertos marang Jawane, menawi tiyang Jawi ingkang ngertos marang
gesangipun, ngertos marang asal-usulipun gesang lan sujarahiupn gesang, sarta
mangertosi marang kuwajibanipun gesang. Jawa panggerahitanipun rasa.