Warna lokal yaiku lokalitas kang nggambarake ciri khas ing sawijine masyarakat ana ing daerah tartamtu. Pangripta sing dadi saperangane masyarakat iku, saka anggone nyipta karya-karya sastra mesthine ora bakal ninggalake warna lokal saka daerahe. Gegambaran warna lokal iki bisa didadekake dhasar kanggo wong sing maca ngerti ciri khas salah sijine lingkungan masyarakat ing daerah tartamtu.
Adhedhasar iku, rumusan masalah ing panaliten yaiku Sepisan, ana ing unsur ngendi warna lokal sing polahane ana Kumpulan Crita Cekak Blangkon. Kapindhone, kepriye wujud warna lokal ana Kumpulan Crita Cekak Blangkon.
Ancase panaliten iki yaiku kanggo mangerteni ing ngendi wae unsur warna lokal ana Kumpulan Crita Cekak Blangkon, sarta mangerteni wujud warna lokal ana Kumpulan Crita Cekak Blangkon.
Pendhekatan sing digunakake ing panaliten iki yaiku pendhekatan objektif. Pendhekatan iki kanthi teks duwe sifat sing ngadeg dhewe lan absolut tegese teks kuwi bisa nduweni teges yen ta disambungake karo unsur-unsur liya sing ana ing njerone teks. Rong perkara ing skripsi iki, dianalisis nganggo metodhe struktural. Masalah sepisan dikaji nganggo teori strukturalisme kanggo njelasake unsur sing mbangun ana karya sastra kang ngungkapake unsur warna lokal kayata: tokoh, latar, lan lelawaning basa. Dene masalah kapindho dikaji nganggo teori budhaya kang ngungkapake wujud warna lokal kanthi unsur kabudhayan yaiku basa, sistem teknologi, jinise pakaryan, adat masyarakat, pandengan urip, sistem kaparcayan, lan sandhangan, kang ana ing Kumpulan Crita Cekak Blangkon.
Asil analisis sing ditemokake saka panaliten iki yaiku: Sepisan, panggonan unsur warna lokal sing polahane ana Kumpulan Crita Cekak Blangkon, yaiku unsur: (a) tokoh awujud nama tokoh; (b) latar awujud latar panggonan, latar wektu, lan latar sosial; sarta (c) lelawaning basa awujud pilihan tembung, fraseologi (frasa, candrane awak, ungkapan-ungkapan Jawa: bebasan, saloka, paribasan, lan wangsalan. Kapindho, wujud warna lokal arupa unsur kabudayaan kang ana ing Kumpulan Crita Cekak Blangkon, yaiku: (1) basa Jawa dialek Surabaya; (2) sistem teknologi: blangkon karo helm, landhepe pring wuluh lan bedil-bedil karaten karo senjata kang lengkap lan modern, kadang misaya mina tradisional karo kadhang misaya mina kanthi abrag kang modern, sepedha karo kendharaan, ojek karo nlapak sikil, pit montor karo sepedha jengki klawus, kreteg karo nyebrang ing kali; (3) jinise pakaryan: kadang misaya mina, tukang ojek, tukang becak, bayan, blantik; (4) adate masyarakat Jawa: grebeg suro, dina prepegan, kendhuri, uleman kendhuren; (5) pandengan urip: blangkon, semat lan pangkat; (6) sistem kaparcayan: Nyai Rara Kidul, primbon, dukun, Alloh, wong abangan, Gusti, lan Pangeran Kang Maha Kuwasa; lan (7) sandhangan Jawa yaiku blangkon, lan jarit.
Pamrayoga kang bisa diandharake saka panaliten iki yaiku supaya bisa kanggo pathokan lan tambahan referensi ing sajroning panaliten kang ana gegayutane karo kajian struktural sastra fiksi. Khususe bab kang njlentrekake warna lokal ing sajroning crita cekak. Kanggo para pangripta yen ta gawe karya-karya sastra Jawa aja ragu-ragu nggunake ide dhasar ing saben karya kanthi dhasar warna lokal daerahe dhewe. Saliyane iku warna lokal uga bisa bantu wong sing maca supaya bisa mangerteni ciri khas saka para pangripta uga ngerti asale saka daerah ngendi karya kuwi diciptake.

Kapethik
saka: Purwanto, Wahyu Adi. 2012. Skripsi Unnes: Warna Lokal dalam Kumpulan Crita Cekak Blangkon.