wOw

Selasa, 27 Desember 2011

HurUF_KeNdaRAan_bErMotor



HURUF-HURUF KENDARAAN BERMOTOR DI INDONESIA

HURUF
DAERAH
HURUF
DAERAH
A
BANTEN
BG
SUMSEL
B
JAKARTA
BH
JAMBI
D
PRIANGAN (BANDUNG)
BK
SUMTIM
E
CIREBON
BL
ACEH
F
BOGOR
BN
RIAU
G
PEKALONGAN
BN
BANGKA, BILITON
H
SEMARANG
DA
KALSEL
K
JEPARA-REMBANG
DB
MINAHASA
L
SURABAYA
DD
SULSEL
M
MADURA
DE
MALSEL
N
MALANG
DG
MALUT
P
BESUKI
DK
BALI
R
BANYUMAS
DL
SANGIHE, TALAUD
S
BOJONEGORO
DM
SULUT
T
KRAWANG
DN
SULTENG
AA
KEDU (MAGELANG)
DR
LOMBOK
AB
JOGYAKARTA
DS
IRIAN JAYA
AD
SURAKARTA
EA
SUMBAWA
AE
MADIUN
EB
FLORES
AG
KEDIRI
ED
SUMBA
BA
SUMBAR
KB
KALBAR
BB
SUMUT
KT
KALTIM
BD
BENGKULU
CC
KORPS CONSUL
BE
LAMPUNG
CD
CORP DIPLOMATIK

Sumber saka: Kamus Bahasa Indonesia (Data-data dan Informasi Internasional dan Nasional), hlm. 402

MasRcELL_sEMusIm

Lirik lagu Marcell Semusim

Intro: G#m F# E
G#m F# C# F#
G#m F# E
G#m F# C# F#

G#m F# E6Semuanya t’lah terjadi
G#m F# E6 F#
Cintaku telah pergi
G#m F# E6
Dan kini kusendiri
G#m F# E6 F#
Tanpa dirimu lagi
E F#
Tak mudah… menepis
E F#
Cerita indah…

Reff: EM7 D#m7 G#m
Semusim t’lah kulalui…
C#m7 F# G#m G#
T’lah kulewati… tanpa dirimu
EM7 D#m7 G#m
Tetapi bayang wajahmu
C#m7 F# G#m
Masih tersimpan dihati

G#m F# E6
Tak pernah kubayangkan
G#m F# E6 F#
Kau putuskan cintaku
G#m F# E6
Ku coba tuk lupakan
G#m F# E6 F#
Semua tentang dirimu

E F#
Tak mudah… bagiku
E F#
Melupakan mu…
Kembali ke: Reff

Sumber saka: http://gudanglagu.com/m/marcell-m/marcell-semusim/ tanggal 28 Desember 2011


Jumat, 23 Desember 2011

LeLaGon_TeMbaNg_dhOlaNAn KLInCi_UcuL


LeLaGon_TeMbaNg_dhOlaNAn  KLInCi_UcuL

ngubengi kutha, sateruse ning desa-desa...
merga aku anggoleki sing taktresnani, klinciku ucul...
lunga mangetan Surabaya, terus nyang Bali...
mengulon lunga nyang Bandung, ora ketemu, terus aku nyang Jakarta...
jebul ora ketemu, adhuh klinciku, aja mbeda aku
terus bali nyang Semarang klinciku wus ana kandhang
lah jebulane grusa-grusu, keburu nepsu...
wekasane montang-manting ragade akeh, aku dhewe kendhet kenthing...

Senin, 19 Desember 2011

Flashdisk beN aMAn


Tips Agar Flash diks Kebal dari Virus

1.      Masukkan flash disk ke port computer / leptop.
2.      Buat folder di drive flashdisk anda.
3.      Beri nama folder tsb dg nama autorun.inf
4.      Buka folder tsb, & buat aplikasi notepad di dlmnya di Strat>All Program>Accessories.
5.      Beri nama sembarang file notepad tsb.
6.      Buka program Character Map di Strart>All Program>Accessories>System Tool  Pilih huruf yg berlebel unicode seperti: Arial Unicode, Lucida Sans Unicode huruf Jepang, China, dan Karakter Aneh lainnya.
7.      Pilih beberapa karakter, bisa 4 atau 5, lalu copy paste karakter tsb.
8.      Rename file notepad / F2 & paste karakter aneh tsb.
9.      Nama file akan diganti menjadi karakter anah / kotak2, dan selesai.

Dlm sistem operasi windows, tdk diperbolehkan  terdapat 2 file yg sama, shg kemungkinan berhasil kemungkinan besar virus tdk bisa memakai nama file mengenal karakter Unicode, shg tampak sulit utk mengubahnya, dan flashdisk  anda pun aman dari virus.

Sumber Saka: Wawasan, Jumat Wage, 2 Desember 2011 Semarang Politan, Hlm. 14 itcorner@des.net.id.

Minggu, 18 Desember 2011

Gancarane Teks Suluk_Wujil


Gancaran Teks Suluk Wujil

Diceritaake salah sijine wong kang jenenge Wujil sowan ing daleme gurune, yaiku Sunan Wahdat. Dheweke sujud sasandhinge sukune gurune sing manggon ana ing Dhusun Benang. Kaliyan njaluk pangapura, siswane kuwi mau njaluk supaya diwenehi ajaran bab agama sing kapilih nganti tekan wewadine.
Sedasa taun Wujil meguru kaliyan Sunan Wahdat, nanging durung entuk ajaran sing penting. Asale Wujil iku saka Majapahit, sing mergawe dadi abdi dalem. Tata basa lan sastra Jawa kuna wis dikuasai.
Wujil matur kaliyan nyuwun pangapura “sampun kawula kuasai sedaya piwulangan agama kalebet sastra Arab, ananging sedaya menika ical dhereaken nafsu, saben dinten ngginaaken topeng ngntos bosen kawula tumindak kados badhut ingkang dados ginemanipun tiyang.
Kanjeng Sunan paringi kawula piwulangan ingkang wigati ngenani aksara tunggal miturut paham pangiwa lan panengen amargi sedaya menika taksih wonten ing tatanan gendhing lan tatanan syair. Ningali sedaya menika ingkang boten beta khasil, kawula kesah saking Majapahit, ananging dereng pikantuk obatipun. Pramila saking menika kawula lelungan ing wekdal dalu saperlu madosi kawigaten saking kasampurnan ing dalem sedaya tingkah laku. Kawula sowan ing saben tiyang suci, madosi sarining urip, wekasing jati wenang, wekasing lor-kidul, suruping surya lan bulan, reming netra lan kahanan akhir pati, wekasing ana lan ora ana.
Ratu Wahdat mesem, “Sira Wujil kewanen matur sing ora-ora, nagih upah karana gedhene budimu maring aku. Ora pantes aku diarani wong suci ing donya saumpama dol-tinuku ajaran kitab. Luwih becik aku aja diarani ahli wahdat. Sapa wonge sing dol-tinuku ajaran, kaya-kaya ngerti samu barange, wong mau diibaratke  kaya kuntul sing lagi tapa sadhuwure banyu, meneng ora obah, matane terus ngawasi, ethok-ethok alim ngerti mangsane, kaya endhog sing putih ing jabane, nanging ing jerone kecampuran abang”.
Serngenge mulai angslup, dina malih wengi. Wujil mulai nglumpukake kayu bakar kanggo gawe geni ing sangisore pertapaane Sang Wiku, yaiku ing pinggir segara ing Desa Benang. Kahanane desa kuwi mau sepi nrintim, gersang ora ana panganan kang bisa dipangan, anane mung ombak segara sing nabrak watu karang lan mbentuk gua sing medeni.
Sang Ratu Wahdat ngendika, “Wujil mrenea!” terus dicekel kuncirekaro diusap-usap,diwenehi anugrah ajaran sing penting. “Wujil rungakna omonganku iki, saumpama gara-gara omonganku iki kowe mlebu neraka, ben aku dhewe sing mlebu sajerone, dudu sliramu.”
Wujil terus nyembah lan ngaturake sembah nuwun, “ngapunten Paduka, langkung becik kula piyambak ingkang mlebet neraka”. Sedaya sampun mangertos tegesipun bok bilih guru lan siswa menika boten nate benten paham, kekalihipun saekapraya.
“Pesenku kanggo sliramu Wujil, ati-ati urip ing donya, aja sembrana ing kalakuan. Ngertia yen sliramu kuwi dudu kasajatian, kasajatian kuwi dudu sliramu. Sapa wonge sing ngenali awake dhewe, kuwi padha karo ngenali maring Sing Kuwasa. Kuwi minangka dalan kang luwih becik.
Kautaman manungsa ngertia kasajatiane salat, sembah, lan pujian. Kasajatian salat kuwi dudu isya’ utawa magrib. Kuwi mung bisa diarani sembahyang. Yen diarani salat iku sebab dadi kembange salat daim lan minangka tatakrama. Endi sing sejatine diarani sembah? aja nyembah yen ora katon sapa sing disembah. Akibate bakal kasor derajatmu. Yen sliramu ora ngenali sapa sing disembah ing donya iki, kalakuane kaya nulup manuk. Pelurune disebar, nanging manuke ora kena, ahire nyembah adam sarpin. Sembahe ora ana gunane. Lan endi sing diarani pujian? Senajan akeh wong kang muji rina wengi, yen ora dibarengi nganggo pituduhe bakal ora sempurna kalakuane mau.
Yen kepingin ngerti hakikate pujian, sliramu kudu ngerti mlebu-metune sing nuduhake anane Sing Kuwasa. Luwih bicik sliramu ngerti mlebu-metune ambegan lan anasir alus sing jumlahe ana papat, yaiku bumi, geni, angin lan toya. Adam uga diciptaake saka anasir papat, yaiku kahar, jalal, jamal, lan kamil kang ngandut sifat-sifat Pengeran kalawan wolu unsur kauripan. Sifate ing jero badan mlebu-metu, yen metu ngendi arahe, yen mlebu uga ngendi arahe. Enom tuwa kuwi sifat bumi. Yen tuwa endi enome, yen enom ing endi tuwane. Unsur geni kuwi sifate kuwat apes. Yen kuwat endi apese, lamun apes endi nggone kuwate. Ana maneh unsur angin sifate ana lan ora. Yen ora endi anane, lamun ana kuwi endi orane. Anasir toya kuwi sifate mati-urip. Menawa urip endi patine, lamun mati endi parane uripe. Bakal kesasar yen ora kokngerteni.
Ngertia yen cekelane urip kuwi ningali ing awake dhewe lan ora pegat pamujine. Ngendi sing minangka kang muji lan kang pinuji, aja nganti sliramu ora mangerteni. Sebabe wong agung luru sarira kuwi kanggo mangerteni kalawan nyata sajatining uripe ing donya. Ngertenana sajatining urip. Raga iki kaya kurungan, becik dingerteni manuke. Bakal rusak yen sira ora weruh.
Wujil, kabeh kalakuanmu ora bakal kasil, yen sliramu pingin mangerteni becikana awakmu, manggona ing panggonan kang sepi, aja kegawa ramening donya. Aja adoh-adoh nggoleki kaendahan, kaendahan wis ana ing awakmu, malah-malah kabeh isine donya ana ing kene, minangka pandulu Kresna Jati ing awakmu. Rina wengi awasana paningalanmu, apa wae kasunyatane kang ana ing badan, kabeh kuwi minangka sifat pakaryan. Bakal rusak sliramu sebab kadadean saka kekarepanmu, mula sing ora rusak kudu kokmangerteni. Sampurnaning pandulu iku ora bakal rusak, anane kuwi nuduhake anane. Sapa kang mangerteni perkara kuwi, anane dadi pujiane. Jarang kang weruh ajaran iki entuk kabegjan sing gedhe.
Sayogyane sliramu Wujil, delengana awakmu dhewe, kaya mlumah awakmu kuwi. Wujil yen sliramu mateni sing ningali sarira, solahe ngekang, sing dikekang kuwi badane, sing dipentingake mung kekurangane, kuwi sing dieling terus-terusan. Wujil kang weruh ing sarira iya iku weruh ing Pengeran. Ora bakal cecaturan yen ora ana wadi sing diajarke. Ana maneh kang angyakteni, temen-temen goleki sarira, ucapane ora nate luput saka kasucen, ora nate keliru saka panggonane, ya kuwi kang aran lampah. Kahanane Pengeran kuwi beda karo kahanane manungsa. sucikke kahanane Pengeran. Ana wong kang ngaku ngerti, ananging kalakuane ora pas, ajaran kanggo jaga nefsu diselaki. Nglirwaake panguripan kang saleh. Wong kang yekti mangerteni bisa njaga nefsu, rina wengi njaga paningale, ora nate turu. Kuwi mau minangka adedasar supaya bisa mateni hawa nefsu. Aja mung krungu wae, temen-temen ing lampah kang suci. Kekajengan lan kayakinan yen wis cetha mlebu-metune ora ana sing angel kaya motong pring pikulan. Beda kaliyan wong kang ora ngerti. Paningale winates sebab dheweke ora nampak wujude, ananging tetep ana. Miturut ajaran wong kang unggul Pengeran kuwi ora manggon. Saumpama wong leren kanggo deleng, malah nduweni paningalan sing sampurna. Ningali wujud sing umum sing katon wujud kang sejati.
Sliramu kudu mangerteni hakikat meneng lan muni. Yen ora mangerteni, menenge ora ana isine. Yen muni aja kalawan suara kang seru, diumpamakke kaya manuk beo mbetho, ora ana tegese. Menawa ngenani ajaran kang wadi aja katon kaya wong pinter. Kuwi miturut ngendikane wong kang sampurna. Apa gunane pasuryan kanggo wong kang ronda ing wektu bengi utawa kanggo wong wuta. Kabeh mau ora ana gunane. Yen ora digunakake kanggo ningali kabecikan, kepiye bisa weruh sarira. Asal kasampurnan kuwi saka muni lan ora mung meneng. Ora sebab meneng, ora sebab muni.
Takonana Wujil kalawan wong kang salih. Sliramu kudu mangerteni hakikat sembah lan pujian. Sembah kuwi macem-macem. Ngendikane wong unggul, wong muji sedhela wae padha karo wong kang ibadah satus taun yen ngerti carane. Umpamane wis ngerti carane muji, pujiane wis ora kepathok wektu. Wong unggul sing liya ngendika yen muji kaya ngana padha karo sembahyang suwidak tahun. Wis sampurna ragane amerga ora kepathok wektu. Kalakuane ing jero masjid bisa dadi panutan, ora kaya sembahyange manuk bangau. Ora kena diselaki kabeh mau sabdane pemimpin donya (Muhammad SAW).
Wujil takona! Ana wong muji rina wengi gedhe dampak kabecikane, asal dilakoni miturut cara kang bener. Ngana kuwi padha karo sembahyang rolas tahun.wujil sliramu bisa nglakoni. Sliramu kudu budidaya. Ana maneh wong sing sembahyang sedhela duweni dampak kabecikan yen ngerti carane. Kuwi uga padha karo sembahyang rolas tahun. Kuwi sing diarani tafakur. Menawa meneng ing ngendi arahe. Sapa kang bakal njelasake munggah mudhune meneng lan muni kudu kokngerteni.
Wujil, wong kang meneng kuwi luwih becik. Kuwi sembahyang kang tanpa winates lan ora kepathok wektu. Sampurna wong kang kaya ngono. Ragane ora ana sing katinggalan, sampe kotoran lan uyuhe. Kuwi minangka lampah sing sejati. Megurua karo wong kang bener-bener mangerteni kabecikan. Kuwi pesene Nabi Muhammad SAW. Aja nyembah sira Wujil yen ora nyata sapa sing disembah. Sembah lan pujianmu bakale muspra. Yen sing disembah kuwi nyata ing ngarepmu, sliramau bakale ngerti yen anamu kuwi minangka Sing Maha Agung lan anamu dhewe ora ana. Kuwi mau sing diarani meneng ing wong kang lagi muji.
Takona maneh Wujil, merga kelingan ora kabeh manungsa ngerti kepiye kalakuane bisa rampung yen ora dilakoni. Sapane wong kang nglakoni lan ora lali maring Gusti, kalakuane mau minangka tanda yen dheweke entuk kmulyan kang gedhe saka Gusti Sing Maha Kuasa. Sapa kang ora gelem nglakoni kuwi nuduhake dosane, yoiku bakal kena bendu lan karekasan. Terus takona maneh Wujil, takon hakikate niyat. Aja winates ing pikiran. Niyat kuwi dudu mbatin lan nyebut. Bekti sing utama kuwi ora kapathok wektu. Kabeh sing dilakoni kuwi wujud sembahyange. Meneng lan muni uga kabeh obahe awake dadi wujud sembah, sampe wudlu, kotoran lan uyuhe dadi sembah. kuwi sing diarani niyat sabenere. Pujian sing ora winates.
Wujil, niyat kuwi luwih wigati tinimbang kalakuane. Niyat kuwi dudu basa lan swarane. Niyat nglakoni pakaryan sing katon kuwi grenteg pikirane. Niyat kuwi dudu niyate, nanging niyat nglakoni panggaweyan kuwi sing katon. Niyat nglakoni sembahyang kuwi ora ana bedane karo niyat ngrampok.
Wujil sebabe wong dadi kafir gara-gara ngugemi aturan. Padha ngandhalke kapinterane sing digunakake kanggo ngyakinke. Ngugemi omongane. Sawise sembahyang magrib rame padha padu, akibate padha penthung-penthungan nganggo jobahe sampe ucul ikete. Tukar padu ing jero mesjid, akibate ora padha nyapa, lan sembahyang dhewe-dhewe. Kuwi hasil saka kesesatan sing diugemi mung unine tulisan. Ora ngerti hakikate niyat. Kuwi akibate wong sing bingung. Lanang wadon padha budidaya nggoleki niyat, ananging padha ora ngerti dalane.”
Sliramu kudu njaga nefsumu. Yen wis koktaleni, aja kakehan omong. Aja padha nuruti apa sing dadi kapinginane dhewe. Kuwi dalan sing salah, sing diandhalke mung omongane dhewe. Terus-terusan ngandhalake rebanane, mula yen rebanane dibuang mendhuwur padha antem-anteman.
Ketoke wis awan, serngengene wis metu saka sisih wetan. Ratu Wahdat ngutus Wujil, “Wujil menea!, sliramu takutus lunga menyang pondok putri. Satpada kongkon ngadhep.” Wujil langsung lunga maring pondok putri. Sawise tekan ing pondhok putri, Wujil kepethuk kaliyan Satpada, banjur ngomong, “Satpada aku diutus Kanjeng Sunan kanggo ngundang sliramu”. Satpada takon, “kenapa esuk-esuk wis diundang? Aku dadi deg-degan”. Wujil mangsuli, “aku ora ngerti alesane kenapa sliramu diundang Sunan. Becike sliramu cepet-cepet ngadhep Sang Sunan”.
Kekarone padha mangkat bareng anuju ing daleme Sunan. Ing satengahing dalan Satpada takon kelawan Wujil, Wujil sadurunge aja salah tampa, aku arep takon kenapa sliramu diarani Wujil?” Wujil menggalih ing batin, wanita kuwi ayu, pitakonane empreh, nanging ngemu perkawis. “ya aku bakal mangsuli pitakonanmu, sebab aku diarani Wujil merga antarane jeneng lan rupaku kuwi ora ana bedane. Aku ora kudu baleni lelakuku merga enem rasa jati wis taklakoni”. Krungu wangsulane Wujil, Satpada ketok bingung, raine abang. “Wujil sampeyan dudu Wujil sing saiki, nanging saka Majapahit”.
Wujil lan Satpada teka ing pertapaane Sunan Wahdat. Kekarone padha lungguh. Sang Unggul takon kaliyan Satpada, “Kabar apa sing kokgawa saka Juwana?” Satpada mangsuli, “Rayi panjenengan ingkang asma Seh Malaya dados penari topeng ing Pati, laminipun pitung dinten”.
Kanjeng Sunan ngutus Wujil, “Wujil golekana kembang teratai!” sawise entuk kembang teratai, dening Sunan Wahdat kembang kuwi mau ditulisi. Ing sajrone diisi kaliyan kembang rambuyut sing digawe dadi sumping sureng pati. “Wujil wenehke kembang teratai iki maring adikku, Seh Malaya. Iki sumping kanggo wong kang main wayang. Wong kang dadi penari topeng uga pantes nganggo”. Sawise diutus, Wujil langsung njaluk pamit lan lunga maring Pati.
Satekane ing pati, Wujil takon maring warga dusun apa dheweke ngerti anane pemain gambuh kang misuwur sing jenenge Seh Malaya. Sing ditakoni mangsuli, “bener ana wong sing jenenge Seh Malaya saiki main topeng ing dusun Wasana Kidul. Akeh wong sing mersani pentase”. Wujil nerusake lakune. Sawise teka, Wujil langsung ngadhep ngaturake sembah lan surat sing rupa kembang teratai. Kembang teratai ditampa dening Seh Malaya lan dibukak lan ana manik-manik sureng pati ing jrone. “duh endahe kembang teratai kalawan wiji saga kaliyan manik-manik sureng pati, diwenehi kembang melati”. Seh Malaya banjur takon kaliyan Wujil, “apa tegese sureng pati kaliyan wiji saga ing sajrone kembang teratai iki Wujil?” Wujil ngaturake sembah nyuwun pangapura lan matur, “Kawula boten mangertos Gusti”. Seh Malaya ngendika lirih, “Sang Sesembahan saking Muria duweni penggalih menawa kabeh panggawean kuwi ana lerene ing akhir pati, ya kuwi titik akhir saking pasrah”.
Teratai kuwi mau diwaca lan dirasaake ing jero ati isi tulisan mau. Seh Malaya trenyuh, atine rujit dening isi surat mau, akeh kiasan, ngemu teges kang endah lan alus. bentuke bait kakawin sing dadi tembang ing pungkasaning surat. Pungkasane serat iku mangkene. Nalika rayi ninggalake griya lan kaluwarga, aku wanti-wanti supaya sliramu eling maring wejanganku. Sateruse aku wenehi ngerti yen aku kepingin ketemu kaliyan sliramu.  Rasa kangenku iki wis kaya wit-witan sing ngarepake udan ing mangsa ketiga. Diibaratake kaya kumbang sing lagi ngarepake sarine kembang. mabur kliyan nyuwara, kapingin ngerti kabecikan.
Sawise kembang terarai diwaca, kembang mau diselehke banjur Kanjeng Seh lungguh nglamun. Wujil takon, “Kenging menapa Gusti lenggah nglamun kados mekaten? Kawula kapingin mangertosi isi serat ingkang wonten ing kembang menika”. Wujil Gustimu ngandhaake babagan lelakonku ing Mekah”.
Sateruse Wujil dijak mulih ing pondhoke Seh Malaya ing Dusun Pagambiran. Randha-randha padha ngetutke. Wujil mlaku paling buri. satekane ing pondok, Wujil dikongkon mangan bareng karo wong akeh. Sawise mangan wong loro mau nginang. Nalika surya wis angslup, Seh Malaya ngendika, “Wujil lamun sira mulih mengko, kudu kokkandhakake karo Gustimu apa sing bakal takomongake, nanging kudu kokkandhakake nganggo omonganmu dhewe. Sliramu mesthi bisa ngandhakake nganggo omonganmu dhewe. Aja kokkandhakake bilih kuwi omonganku”.
“Ngene Wujil, kenapa aku mbalik nalika lunga menyang Mekah. Balik ing Malaka lan guru kondur ing Pase amarga diutus dening Molana Magribi. Molana Magribi ngendika, “Becike sliramu bali amarga sing kokgoleki ora ana ing Mekah. Mekah sing ana ing kulon kuwi Mekah tironan. Watu sing digawe. Sing nggawe Nabi Ibrahim. Masyarakat Jawa yen koktinggalake bakal dadi kafir. Mula balia!”
“ora ana wong sing mangerteni tujune Mekah kuwi. Lamun wong kuwi mulai lelakune wiwit nom nganti tuwa tetep wae dheweke ora bakal nemukake tujuane. Lamun ana sangune kanggo nuju Mekah lan dadi wali, sangune kuwi larang banget, angel ditemukake. Dudu dinar. Sangune kuwi arupa kendhel ing pati sarta sabar lan ihlas ing donya. Mesjid ing Mekah kuwi ngubengi ka’bah. Gemandhul tanpa tali. Dideleng saka dhuwur katon langit ing ngisor, sawalike dideleng saka ngisar katon bumi ing dhuwur. ndeleng kulon katon wetan, ndeleng wetan katon kulon. Ndeleng kidul katon lor sing endah. Yen ndeleng lor katon kidul sing cumlorot kaya matane manuk merak. Ka’batullah yen ana wong siji sing sembahyang, namung bisa cukup kanggo wong siji kuwi. Lamun ana wong loro nganti satus wonguga bisa cukup kanggo wong semono mau, malah-malah cukup kanggo wong sadonya. Kuwi pesenku Wujil, kudu kokkandhakake maring Sang Sesembahan. Kandhakake nganggo omonganmu dhewe, aja nganti katon kaya omonganku. Menawa Kanjeng Sunan mundhut pirsa, kandhakake kalawan khurmat yen aku ngaturake salam”.
Wujil nyuwun pamit lan cepet-cepet bali ing daleme Sunan Wahdat. Sawise teka ing pertapaan, Wujil ngerteni yen gurune lagi dzikir. ngerti kahanan sing kaya ngana, dheweke lungguh lan meneng ora ngomong, ngenteni gurune rampung dzikir. Kelingan tata cara menawa meguru. Wujil wis ngerti tata cara kaya ngono merga wis suwe olehe melu Sunan Wahdat. Wujil disapa dening Kanjeng Sunan, “aku seneng sliramu cepet bali”. Wujil namung ngaturake sembah lan matur, “Seh Malaya boten ngendika napa-napa, panjenenganipun namung ngaturaken sembah”. ketok pinter Wujil bisa njaga welinge Seh Malaya. Sunan Wahdat ngerti tegese omongane Wujil, banjur Wujil disepura dening Kanjeng Sunan.
Ngertia Wujil yen sadulurku kuwi sawangsule saka Malaka omah-omah ing Garage (Cirebon). Ing kono dheweke nyucikake awake. Arane panggonane penyucian kuwi Kalijaga, panggonane semedi. Suwene limang taun dheweke nglakoni penyucian. Terus dheweke diboyong dening Ngawanggi ing Demak. Anak lanange lunga saka omah. Anak sing paling unggul lan seneng nglakoni tapa, ngurangi mangan lan ngombe. Wong tuwane kapingin ngayem-ayem anake, “aja kesusu sliramu isih nom”. Omongan kuwi sing dadekake anake lara ati. Sang anak dadi asring susah nganti sawijine bengi sang anak lunga saka omah tanpa pamit. Wong tuwane susah. Kuwi sing dadi sebab kenapa Seh Malaya dadi penari topeng. Tresnane kalawan anake sing dadekake dheweke dadi pemain gambuh ing desa sing dilewati tanpa mikirake sandhang pangan, ora eling rasa isin.
Wujil bener-bener angel nemukake pati salagine wong kuwi isih urip. Mati minangka kabekten kang paling utama, ora ana sing dipikirke maneh merga bakal wangsul ing ngarsane Gusti. Yen sliramu isih mikirake liya-liayane, sliramu ora bakal nemukake apa kang dadi tujuanmu. Yen sliramu pengin nemukake, patenana dhisik nefsumu. Lamun sira wis nemukake apa kang dadi tujuanmu kuwi bakal nemukake manunggaling kehendhak nyatu kaliyan kehendhaking Gusti. Sliramu bakal bakal manunggal kalaiyan Gusti Pangeran. Namung jeneng wae sing beda. Slirama bakal nyatu kalawan rasa, ing samu barang apa wae bakal manunggal.sawise manunggal lan wis kokpasrahake urip lan matimu tumrap Gusti ora ana larangan kanggo sliramu ngenani sandang pangan. Kehendakmu kuwi manunggal kelawan kehendake Gusti. Wong sing ditresnani ora entuk milih. Kuwi wujud manunggale rasa. Wong sing isih milah-milih kuwi wong sing isih ana ing jaba lan ora ngerti apa sing ana ing jerone. Sembahyange disebar tanpa arah sebab ora mangerti sing ana ing jero keraton, namung ngrungokake warta, sing dingerteni mung keratone. Aja mung krungu warta sebab warta kuwi bisa dadekake kesasar yen sliramu salah ngerteni.
Sunan Wahdat ngutus maring Satpada,”Satpada jikuka kaca!” Satpada njikuk kaca lan menehake maring Kanjeng Sunan. Sunan Wahdat ngendika, “selehake kaca kuwi ing wit waru, terus kuwe kabeh padha ngaca bebarengan”. Wujil lan Satpada padha nindakake perintahe Kanjeng Sunan. Satpadha ngomong, “kaca iki luwih gedhe tinimbang Wujil”. Patang jengkal ambane kaca, nanging isih gedhe kaca tinimbang Wujil. Dening Sunan Wahdat, Wujil diutus ngadek ing sangarepe kaca. Sing dikongkon terus nindakake perintah. Ayang-ayange Wujil katon ing kaca nganti tekan kuncunge, kaya bocah cilik, nanging raine wis kisut kaya kulit jeruk sebab wis tuwa.
Satpada ngomong, “Wujil sliramu ngadeg lan aku lungguh, nanging aku lan sliramu tetep padha dhuwure. Yen sliramu dideleng kaya bocah cilik sing raine kisut”. Sang Guru mesem, “Wujil wangsulana omongane Satpada mau!” “Kala wau enjang kula sampun dipunsindhir dening Satpada”. Satpada selak lan ngendika, “Guyonane Wujil apik, lawakane lucu”. Sunan Wahdat ngendika lirih kaliyan menehi pituduh maring siswane, “Wujil lan sliramu Satpada delengen apa sing ana ing kaca kuwi!” banjur Wujil matur, “Ing ngriku wonten kalih ayang-ayang kang setunggal kekajengan”. Satpada nyaut, “Wujil kekarepanku lan kekaepanmu ing ngendi manunggale?” Wujil mangsuli, “ora ana bedane antarane lanang lan wadon yen ditemukake ing kaca kaya ditemukake ing kasur”. Satpada nggreneng, “piye manunggale kawula Gusti, omongane Wujil kuwi keliru”. Wujil mangsuli meneh, “ora ana bedane antarane lanang lan wadon, yen ditemukake ing kaca ora diarani lanang lan wadon maneh”. Satpada ngomong maneh, “Wujil slirmu nyindhir kaya wong kang duweni wujud normal”. Wujil mangsuli,”ora kuwi sing takomongake, sliramu salah tampa”. Sunan Wahdat mesem, “menenga sliramu Wujil, coba gatekake rupa kang ana ing kaca kuwi, delengen lunga lan tekane! Yen ayang-ayang mau ana ing ngendi lungane, lamun ayang-ayang kuwi ilang ngendi anane?” “Wujil ngadeka sliramu ing saburine kaca!” “Satpada coba gatekana, delengen ayang-ayang kuwi, ayang-ayangmu lan ayang-ayange Wujil sing ana ingkaca. Ing endi ayang-ayange Wujil saiki?” Satpada bingung lan matur, “Guru ingkang wonten namung setunggal ayang-ayang inggih menika ayang-ayang kula sarasan. Ayang-ayangipun Wujil boten ketingal amergi piyambakipun wonten ing wingkingipun kaca”.
Sang Sesembahan nglanjutake omongane, “Satpada enggonana panggonane Wujil lan sliramu Wujil ngacaa!” Wujil banjur ngaca lan ngematake ayang-ayange. “Wujil saiki ana apa ora rupane Satpada?” Wujil mangsuli, “boten wonten Kanjeng Sunan, ingkang wonten namung rupa kawula”. “Lha saiki rupane Satpada ana ngendi?” Wujil mangsuli kalawan khurmat, “ngapunten Guru, miturut kawula ingkang bodho menika manunggalipun kekajengan kalih menika boten wontenipun nedahaken kawontenanipun, kawontenanipun minangka boten wontenipun”. Nuli Sunan Wahdat takon maneh, “kepiye panjlentrehane babagan kuwi?” Wujil mangsuli, “boten saged dipunandaraken malih tegesipun perkawis menika, kawulo nyuwun pirsa babagan menika”.
Sunan Wahdat ngendika lirih, “Wujil bener omonganmu, perkara kuwi namung bisa dijlentrehake kaya mangkene. Kalimat La Ilaha kuwi ngemu isbat lan nafi. Sabenere ana lan ora ana kuwi sifate. Allah kuwi duweni sifat ora ana, ananging ing ora anane kuwi Allah wis ana. Anane kuwi nakirah. Nafi nakirah lan nafi jinis menika sifat Pengeran. Nafi lan isbat kuwi ora pisah uga ora manunggal. Kekarone dadi siji lan dibatesi lafal Illa, kekarone uga ora bisa mlebu ing lafal Allah. Mangertenana Wujil isbat kuwi mesthi nuduhake ing musbate kaya antarane dalil madlul. Lafal Illallah diarani musbat. Sifat musbat kuwi mutlak iku sing diarani ismullah. Ora ana Pengeran loro kalawan adedasar Illallah.
Wujil perkara iki angel sebab ora gampang dipahami lan dilakoni. Kuwi sebabe akeh wong sing meksa kekarepane, padha cekelan swara, kaidah-kaidahe kudu teliti. Saraf lan nahwu disinaoni awan wengi, nanging pemahamane kandhek ing wacan”.
Surya wis angslup, kira-kira ing sadhuwure gunung. Wujil matur, “Kanjeng Sunan wonten dhalang ingkang asma Santun kang singgah wonten ing Pananggungan badhe mentasaken wayang”. Sang Guru mangsuli, “Tilikana pagelarane, yen deboge wis rusak, tugasmu genti deboge. Lan enggal aturi supaya miwiti pagelarane”.
Sang Guru banjur mlebu omah. Sing mentasake wayang wis miwiti gendhing. Gamelane ditabuh. Dhalang miwiti mentasake wayang kanthi lakon Bharatayuda sing asale saka penobatan Raja Daha. Nalika muji banjur ngandharake babagan dadine Raja Jaya Baya. Naskah iki digubah taun 1529 Saka utawa 1607 Masehi. Wayang kang dimaenke nalika para dewa padha mudhun, yaiku Narada, Janaka, lan Begawan Parasu sing dherekake lampahe Raja Kresna.
Sunan Wahdat enggal mijil saka griya nalika Seh malaya sowan kaliyan dikancani muride, yaiku Luwung Salawe lan Wanakarta. Sawise ketemu kabeh padha lungguh bebarengan, panganan diaturake, nanging tamune mau padha ora gelem. Sunan Wahdat ngendika, “Aku ngerti yen sliramu wis teka Mekah rayi”. “Inggih leres Kanjeng Sunan, kawula dugi Mekah nalika tapa ing Kalijaga. Mekah menika awrat dipunmangertosi. Ombakipun ageng sanget, kula nitih perahu. Toyanipun mlebet wonten ing sajroning perahu, lajeng perahu kula menika mlebet ing sajroning toya, malah-malah mlebet ing bumi, nanging piweling saking guru tetep kula ugemi.
Bibaripun ngliwati segara, dugi wonten ing padhang pasir. Ombakipun ageng sanget kados bledeg nyamber. Suantenipun ombak kala wau gemrudug kados gunung bledos, bumi goyang-goyang, surya lan rembulan boten wonten cahyane, bintang-bintang sami mabur. Sasampunipun ngliwati padhang pasir, lajeng dugi ing segara geni. Ombakipun kados bintang ingkang tiba. Angin kenceng, gunung-gunung sami jugluk, kelukipun medalaken ambet bosok, kados mesiu ingkang dipunbakar. Geni wolak-walik mbeta ambet belerang kados bledeg nyamber. Wejangan ingkang awula pikantuk saking Guru tetep kawula ugemi. Lampah kawula nemu kasil. Sasampunipun ngliwati segara geni kawula kedang ngaji, Basa Arab menika awrat sanget boten wonten bandhinganipun amargi boten wonten ingkang sami kaliyan seratan sanes. Menika ingkang njalari kathah siswa ingkang kanthek lampahipun ing tengah margi. Boten kathah tiyang ingkang mangertos Mekah.
Pagelaran wayang wis jabelan. Nalika mengkono pagelaran wayang diutus mungkasi. Seh Malaya lan siswa kekalih saha Wujil diaturi bali ing pamujan, terus bebarengan tukar pikiran. Sawise kabeh padha lungguh, Sunan Wahdat ngendika, “Rayi mangga bareng-bareng ngomongake pagelaran wayang mau kanthi lakon Kresna Duta kang dijipuk kiasane kanggo Agama Islam”. Seh Malaya mangsuli, “kawula boten mangertosi hubunganipun Jawa lan Islam. Semanten ugi siswa kekalih ingkang boten saged sastra Arab, piyambakipun derek ngendikanipun Kanjeng Sunan”.
Sunan Wahdat ngendika malih, “kiasan nafi lan isbat kuwi rayi. Wayang tengen lan wayang kiwa. Sisih tengen kuwi minangka nafi lan sisih tengen minangka isbat. Pandawa minangka nafi lan kurawa menika isbat. Anane nafi kuwi disebabake anane isbat, uga sawalike. Perang kuwi ngrebutake musbat. Kresna kang minangka dadi kaca kanggo kekarone. Menang lan kalahe gumantung kaliyan kaca. Musbate kuwi negara sing dadi rebutan. Kurawa lan Pandawa ngrebutake negara, kuwi kiasane. Sebab akeh wong kang tukar padu jalaran padha ngrebutake nafi lan isbat, perkara iki bener-bener angel. Manungsa ora kena ngugemi tulisan, amerga lahire tulisan iku saka pamikiran. Pamikiran ora mung siji. Perkara iki sing bisa njalari dadi kesasar sebab akeh wong sing ngegungake fahame.wong wis padha seneng yen wis bisa maca Qur’an. Yen sliramu pengin ngrteni perkara iki delengen awakmu dhewe. Piye wujude aja nganti keliru sebab padha karo tengah-tengah pring sing kebukak pucuke, garis tengah peluru, jaran kang mlayu kenceng ing pathoke, utawa kembang lo sing ora nate alum”.
“Rayi mrenea! Wis suwe aku kangen karo sliramu”. Kekarone padha rerangkulan, dhadha adu kalawan dhadha, rai lan irung padha adu, sunan Wahdat ngendika maring Seh Malaya, “remke mripatmu lan aja mamang!” ora suwe kekarone wis teka ing Mekah.


Sumber saka: Kohar, Moch. 2011. SELUK WUJIL DALAM KAJIAN STRUKTURAL SEMIOTIK. Skripsi Unnes PBSJ, NIM. 2102407150

Minggu, 04 Desember 2011

iWak_KoKi



Iwak KokI heee oKey rak?

BaSa_TresNa


BaSa_TresNa
Katakan “Aku mencintaimu” dalam berbagai bahasa

Afrika                            : Ek is life vir jou
Belanda                           : Ik hou van je, Ik hou van jou
Brasil / Portugis              : Eu te amo
Cheska                            : Muluji te
Denmark                         : Jeg elsker dig
Ekuador                          : Quechua Canda munani
Filipina                           : Mahal ka ta
Hawaii                            : Aloha wau ia oi
Hongaria                         : Szeretlek
Indian Amereika
Apache                  : Sheth she~n zho~n (suara vocal disengaukan)
Cheyenne               : Ne mohotatse
Chickasaw              : Chiholloli (‘i’ pertama disengaukan)
Hopi                      : Nu’ umi unangw’ta
Mohawk                 : Konoronhkwa
Navajo                   : Ayor anosh’ni
Sioux                     : techihhila
Zuni                      : Tom ho’ichema
Inggris                           : I love you
Irlandia                          : Taim i’ngra leat
Jawa                               : Aku tresna kowe
Jepang                            : Kimi o ai shiteru
Kanada (Prancis)              : Sh’teme
Kurdi                              : Ez te hezdikhem
Latin                              : Te amo
Latvia                             : Es tevi milu
Lebanon                          : Bahibak
Luksembrug                    : Ech hum dech ga”r
Maroko                         : Kanbhik
Portugis                         : Eu amo te
Prancis                          : Je t’aime, Je t’adore
Rumania                         : Te iubesc, Te ador
Rusia                             : Ya tyebya lyublyu
Serbia                           : Volim te
Slowakia                        : Lubim ta
Spanyol                         : Te amo, Te quiero
Yunani                           : S’ayapo

Sumber saka: Putri, Vallent. 2009. 97 Ide Indah Katakan Cinta. Yogyakarta: Image Press. (Kaca: 154-155)